Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/182

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

anulya sang anom,
penggambare ing gegana kabeh,
saisen-isening ngawiyati,
tan ana kang kari,
ing panggambaripun.

18. Ri sampunnya sampat ing pakarti,
paripurnaning don,
pan sawidak dina ing lawase,
palestaning panitranireki,
nulya sang apekik,
angesthi ing kalbu.

19. Apan arsa ngyetenana nuli,
dhawuhe sang katong,
kang pinacak anengjro tulise,
tetikeman kang wineling-weling,
ki jaka yun uning,
paran wadinipun.

20. Punang serat binuka tumuli,
mring Ki Sungging anom,
sinukmeng tyas winaca tembunge,
penget iki layang ingsun kaki,
ingkang mijil saking,
sucining tyas ingsun.

21. Sarta wuryaning pangestu mami,
myang sesantining ng mg,
yoga sadaka uparenggane,
dhawuha ta marang sira kaki,
Prabangkara Sungging,
mudha sutaningsun.

22. Kang wus putus ing titi patitis,
Trusing pasang semon,
ri sasmita katon lukitane,
pasang cipta graita lelungit,

180