Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/181

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

myang para dipati,
mantri punggawa gung.

12. Samya ngungun jetung tan kena ngling,
sadaya wetu loh,
sami ton-tonen kabangkitane,
raden jaka limpat sarwa wasis,
sembada lus budi,
pekik wamanipun.

13. Srinarendra wus mupus ing galih,
dan kondur ngedhaton,
kyana patih undhang bubar kabeh,
pra dipati pra punggawa mantri,
sowang-sowang mulih,
kuneng kang winuwus

14. Sang kaswasih kang binekteng angin,
angasut tan alon,
sru sumungsung ing an tarile sane,
muluk yayah ngayuh ing wiyati,
silem kang pratiwi,
mor ing namu-namu.

15. Siyang dalu pangededing angin,
gumarebeg angrok,
mila punang layangan lakune,
datan kandheg-kandheg sru manginggil,
neng jumantareki,
kuneng lamenipun.

16. Duk semana layangan wus prapti,
nggening peksi katong,
paksi beri lawan sajinise,
ingkang sami tinitah neng nginggil,
myang dewata paksi,
ginambar sadarum.

17. Satelase ponang paksi-paksi,

179