Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/180

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

dumadak tan panon,
dening driya nirteng darunane,
tan derana kadiraning galih,
gelah-gelah westhi,
pangesthining nguthuh.

7. Nguthuh ing reh tar sesthi westhining,
pepathen kinaot,
kautamanira tan pangene,
kahananing nata nguni-uni,
uninga wangening,
wawenang winangun.

8. Wangunaning naya kang winuni,
wenang angon tinon,
witning anung nahen wahanane,
kang winaon ring sang miwahani,
anenilas warti,
anatar pitutur.

9. Ing pitutur marta tar kentaring
amrih katartanton,
ning tumitah paramarta wite,
pawitaning kang para nerpati,
putus ing praniti,
satata winantu.

10. Ing wewaton kang tinaki-taki,
titikaning katong,
kang tinulat-tulat tyas tulaten,
nginte-inte aniten-niteni,
anuting darmaji,
pinuji pinunjul.

11. Panjang lamun kawijila ing ling,
wulanguning katong,
tan wrin waspa nira dres wijile,
tuwin wau rekyana apatih,

178