Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/176

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

18. Besuk lamun wus palesta kaki,
enggonira anggambar awiyat,
barang saisine kabeh,
ing kono sira kulup,
ambukaa ing layang iki,
ki Jaka satelasnya,
ing pamacanipun,
cirining srat tetingkeman,
wus kadhadha sandika aturireki,
sawusnya nulya minggah.

19. Ing layangan jro kekurung nenggih,
nulya sang nata ken anginggahna,
layangan den umbulake,
pareng maruta nempuh,
layar samya madhahi angin,
sru muluk angambara,
keras siyutipun,
yayah garudha manglayang,
iberira risang beri Kagapati,
mangkana isthanira.

20. Ponang layangan meh tan kaeksi,
nulya sang nata angunus pedhang,
ingkang kalangkung landhepe,
pedhang katingal murub,
srinarendra tumengeng nginggil,
layangan tan antara,
wus datan kadulu,
sampun silem ing ngawiyat,
dan sang nata aken anyandhet tetali,
den uger ing tetiyang.

21. Tiyang pamugeraning tetali,
nulya sang nata tedhak sing dhampar,
sarya anganggar pedhange,
angandika sang prabu,

174