Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/175

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sinamaptan sangunya,
sapirantenipun,
sadandaning mawarna,
srinarendra nulya nimbali pepatih,
lawan sagung punggawa.

15. Sampun pepak mantri jro nagari,
punang layangan sumaos ngarsa,
pepak sapala kartine,
tetali ngundhung-undhung,
kadi gunung anakan kesi,
lan sinung pamuteran,
panguluring tangsul,
nulya Jaka Prabangkara,
nembah amit mangastuti ing nerpati,
sang nata ngasta serat.

16. Tetingkeman ingecapan jawi,
nulya sinungaken mring ki Jaka,
sang nata pangandikane,
kulup wacanen iku,
ing cirine kang anengjawi,
Raden Jaka tur sembah,
dan winaca gupuh,
cirine ponang nawala,
sinukmeng tyas mangkana unine tulis,
layang dhawuh mring putra.

17. Sungging mudha Prabangkara kaki,
tampanana iki layang ingwang,
parentah marang dheweke,
nanging pepacuh ingsun,
maring sira layangong iki,
ywa sira buka-buka,
lamun durung tutug,
anggonira anggegambar,
saisining gegana poma ta kaki,
aja wani ambuka.

173