Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/177

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

heh apatih myang pra dipati,
punggawa Majalengka,
den padha angrungu,
seksenana ujaringwang,
maring sutaningsun si Jaka Panyungging,
kang wus aneng ngawiyat.

22. Heh suta ngong Sungging mudha kaki,
poma sira aja tiba-tiba,
yen durung prapteng pernahe,
ing Cina nagara gung,
kono sira tibaa kaki,
yen wus kalakon sira,
tiba ing Cineku,
kono besuk nuli ana,
kang amupu tetulung mring sira kaki,
tinarik mring kakamulwan.

23. Luwih mulya sira besuk kaki,
amencarken wiji aneng Cina,
werateng tanah-tanahe,
tembe anak putumu,
keh manusung mulih mring Jawi,
padha milu winenang,
amangana besuk,
pametuning tanah Jawa,
samergane pangupajiwane gampil,
samya kerasan wisma.

24. Kyana patih myang para dipati,
sinatriya pra mantri punggawa,
samya saur kukilane,
gumuruh samya jurung,
hayu-hayu muga sang pekik,
rahayua ing paran,
kalakona besuk,
sasebdane rama nata,

175