Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/174

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

saniskara isining gegana,
kinen anggambara kabeh,
muwah kang manuk-manuk,
ingkang datan urip neng bumi,
kang samya ngawang-awang,
keh waarnaning manuk,
kadya ta peksi Dewata,
sajinise kang datan anunggal warni,
len beri Peksiraja.

12. Kae Jaka sandika tur neki,
anglenggana ing sakarsa nata,
kya patih gya wangsul age,
marek ing ngarsa prabu,
mawotsari rekyana patih,
sampun katur denira,
angembani dhawuh,
tuwin ature dyan Jaka,
Prabangkara datan lenggana karsaji,
thrustheng tyas srinarendra.

13. Wus. bubaran kyana patih mijil,
nulya sang nata aken akarya,
layangan ingkang agedhe,
pitung dhepa gengipun,
mawi kurung panggenaneki,
ki Jaka Prabangkara,
sapirantenipun,
pinanci sasangunira,
kuneng laminira samana wus dadi,
layangan langkung pelak.

14. Sinung pindha layar sampar angin,
olan-olan lan sangga akasa,
sesinthing tadhah angine,
ing tengah nggening kurung,
kadi wisma samakta sami,

172