Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/173

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

denyarsa nglunasi jaka,
duk samana sang nata nulya bebisik,
mring patih Gajahmada.

8. Wus katampan sasmitaning aji,
yen ing mangke karsaning narendra,
Ki Jaka Sungging mudhane,
mung pinrih kesahipun,
saking nagri ing Majapahit,
nyinggahana deduka,
ning rama sang prabu,
nanging sinamun karsanya,
saderenge kelakon kinarya dhemit,
nulya kya patih medal.

9. Panggih lawan ki Jaka Panyungging,
dhinawuhan karsane narendra,
ingapuskrama jatine,
ing mangke karsanipun,
ramandika srinarapati,
andika sinung karya,
anggambara sagung,
saisining awang-awang,
den katulat aneng warna papan tulis,
saisining gegana.

10. Surya wulan lintang-lintang tuwin,
kilat thathit kekuwung myang teja,
kang sarpa tapak angine,
teluhbraja andaru,
laban-laban myang lintang ngalih,
baledheg lawan gelap,
agraning galudhug,
mendhung lawan mega-mega,
sarawungan lelayu kang mega kuning,
ujunging jumantara.

11. Caratwarsa udan angin-angin,

171