Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/172

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

paduka pan ratwagung,
kasumbageng ngelaya bumi,
kocap sugih dandanan,
ing reh para putus,
tuwin para bijaksana,
wewekan jrah wruh serapating arempit,
ing semu tan kuciwa.

5. Ing praniti sami ngati-ati,
boten kekirangan ing pranata,
satata tata titine,
tatal titikanipun,
pan puniku pun Jaka Sungging,
ing titi dereng katrap,
traping para putus,
tan wonten kang tumitisa,
pamutuse ing pamancas kang patitis,
witaning para tama.

6. Yen estua karsa paduka ji,
sinten gusti ingkang kaecalan,
tan wun nalangsa ing tembe,
kya patih aturipun,
sarwi nangis anggegondheli,
marang srinaranata,
sampun ta kabanjur,
temah keduwung ing wuntat,
anuruti ing karsa kang tan saririh,
sarehning amranata.

7. Srinarendra waspanira mijil,
pungun-pungun karantan ing naia,
kacatet dening ature,
kyana patih pan putus,
ing weweka tanduking gusti,
dadya srinaradipa,
wurung karsanipun,

170