Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/171

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

IV

1.Kyana Patih Gajahmada prapti,
wus jinarwan sakarsaning nata,
lamun Ki Sungging ing mangke,
apan arsa linampus,
aja karya rudahing ati,
lan aja awet dadya,
kaliliping prabu,
asepet medhesi netra,
sru angganjel ing siyang dalu tan kenging,
kinaya eca nendra.

2. Duk miyarsa rekyana apatih,
Gajahmada sanget pemambengnya,
akathah-kathah ature,
wonten salokanipun,
sagalaking sarpa kang mandi,
myang sagalaking sima,
tan wonten kang kolu,
makan sutaning priyangga,
sampun silih manungsa kang sinung budi,
yen koluwa mring suta.

3. Ing pejahe tan tahan sayekti,
lawan wonten ing paribasannya,
nadyan tega larane
tan tega patinipun,
lan punika Ki Jaka Sungging,
dosane tan yumana,
amung salang-surup
panduka kang salah nyana,
dereng yekti kasesapan duka runtik,
tan ngangge sinaringan.

4. Kirang saranta tyas paduka ji,
anindaki ing budi dadakan,
deduka tan sambadeng reh,

169