Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/170

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ing gusti srinarapati,
sang nata datan angling,
kawistara runtikipun,
ginagas ing wardaya,
sang nata tampaning galih,
apa baya si Prabangkara weruha.

29. Sacirining garwaningwang,
jroning kenya yayi dewi,
punang as ana cirinya,
andheng-andhengira wilis,
enggone ambeneri,
tan siwah ing prenahipun,
liring as pawadonan,
basa keni ku tetapih,
Srinarendra saya kagagas dukanya.

30. Pangunandikaning nala,
yen mangkono si panyungging,
baya wus saresmi lawan,
yayi Mas Andarawati,
dene weruh ing ciri,
andheng-andheng ring asipun,
sisungging liwat ala,
wani anyidra ing resmi,
binecikan mengkono pemalesira.

31. Kuneng laminya semana,
sang nata saya ngranuhi,
dukanira mring ki Jaka,
saben ki Jaka kaeksi,
wungu runtikira ji,
dadya karsane sang prabu,
ki Jaka sungging mudha,
karsa pinaten ing ratri,
sang nata ken nimbali patih sarkara.

168