Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/169

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

walantaga salirnya,
jro praja jawi prajeki
pan katulat sedaya tan wonten siwah.

25. Jroning samodra ginambar,
kang mina-mina geng alit,
ingkang gumremet rumangkang,
saisining jalanidhi,
tan salaya ing warni,
kagawokan sang aprabu,
kalangkung asih tresna,
mring Prabangkara panyungging,
ing batine sang nata wus ngaken putra.

26. Amung ing lahir sinasab,
yata semana sang aji,
aken anggambar kang garwa,
Ratu Mas Andarawati,
ginambar sampun dadi,
datan salaya sarambut,
warnane putri Cempa,
sang nata suka tan sipi,
leng-leng mangu mulat ing gambar wangunan.

27. Yayah pindha bisa ngucap,
dangu-dangu sribupati,
mulat ingkang pawadonan,
angandheng-andheng kaeksi,
pan katetesan mangsi,
Ki Jaka panggambaripun,
sang nata semu duka,
tatanya paran marmeki,
kae Jaka aturnya pan katetesan.

28. Ing mangsi panggambar amba,
tan ngantos kawula kerik,
amba nuwun pangaksama,

167