Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/168

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

srinarendra mider sajawining kitha.

21. Anuju sayah sang nata,
angantuk pan arsa guling,
nuju celak wismanira,
mantri lurah jagal nenggih,
sang nata nulya mampir,
lajeng asare ing ngriku,
yata sang mantri jagal,
darbe atmaja pawestri,
warna pelak wus krama lakine pejah.

22. Wus patutan satunggal,
lawan lakine kang mati,
nanging atmajane lina,
dadya arandha ing mangkin,
lagya mempeng ing warni,
angladeni ing sang prabu,
sang nata wus kagiwang,
datan saranta ing kapti,
nimbok randha sinarenan ing sang nata.

23. Wusnya mangkana sang nata,
kondur maring dalem puri,
tan kawarna lamenira,
nimbok randha kang winarni,
semana anggarbini,
praptane ing mangsanipun,
wawratannya ambabar,
mijil jalu warna pekik,
nggih punika Risang Jaka Prabangkara.

24. Suwita mring Srinarendra,
kinarya lelurah sungging,
winasis akarya gambar,
tinuduh maring ramaji,
anggambar saisining,
wana ing sakutu-kutu,

166