Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/167

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

wus Islam agama sud,
lawan kang rayi kalihnya,
wus anandhang iman sami,
nging Raden Gugur maksih,
karem mangun tapanipun,
neng padhepokanira,
dene ta Rahaden Teki,
pan pinernah marang raka mangulona.

18. Iya ing bumi tempuran,
dene padhukuhaneki,
awasta dhusun Tersana,
dene ingkang rayi estri,
sampun amawi krami,
kyageng Majasta puniku,
kuneng malih winarna,
putraning Brawijayeki,
priya saking ampeyan pekik kang warna.

19. Ulading cahya sumunar,
lir wulan purnamasidi,
lurus pasariranira,
jenar pamulu respati,
pideksa lus kang daging,
aparek driya asemu,
ran Jaka Prabangkara,
wasis ing sabarang kardi,
cinarita kae Jaka Prabangkara.

20. Pan datan ingaken putra,
mring sang prabu Majapahit,
ing purwane srinarendra,
nuju ameng-ameng mijil,
namur kula sang aji,
tan ana wadya kang tumut,
mung kang ngampil pawohan,
Semut Gatel wong kekalih,

165