Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/166

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

denya lelampah wong katri,
prapta sukuning wukir,
awasta ing wukir Lawu,
kidul-kilening arga,
tebih saking Majapahit,
saking ngriku apan lelakon nem dina.

14. Dyan Jaka Gugur samana,
kendel kalawan kang rayi,
aremen pasitenira,
kinarya enggen amregil,
pan arsa mangun teki,
sira Raden Jaka Gugur,
akarya padhepokan,
munggeng lelambunging wukir,
Raden Gugur abentur kasutapanya.

15. Munggeng lambunging aldaka,
dene padalemaneki,
tan patya doh lan asrama,
babad wana wus kinardi,
padhekahan wus dadi,
tan kawarna lamenipun,
kathah kang tumut wisma,
banjeng nut ujunging wukir,
iring-iring lelengkeh myak lebak-lebak.

16. Wontenta wisma sanambang,
katelah dalasan mangkin,
dhusun karan kang ayasa,
ing Gugur wastanireki,
yata kawuwus malih,
ing nguni Rahaden Gugur,
alama ingulatan,
lami denya tan kepanggih,
kepanggihe antara tigang warsa.

17. Tinimbalan maring Demak,

164