Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/165

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

saking ampeyan puniku,
ingkang sepuh pan priya,
Raden Gugur kang wewangi,
arenipun panenggak pan inggih priya.

10. Dyan Jaka Teki wastanya,
arinya malih pawestri,
Ratu Turnus wastanira,
sampun diwasa sang putri,
nging dereng ayun kewarni,
remen wewujang sang ayu,
yata kang kawuwusa,
Dyan Jaka Gugur ing nguni,
pan kinanthi mring kang rama Brawijaya.

11. Aneng nagri Majalengka,
pan kinarya senapati,
ing karya sajroning praja,
lan kang rayi Raden Teki,
Raden Gugur ing nguni,
duk bedhaing Majalengka,
kalangkung wirangira,
arsa tumut ing ramaji,
ing muksane sumengka mengawak braja.

12. Ingkang rama Brawijaya,
asanget tan anglilinani,
Dyan Gugur kinen kariya,
lawan sakadangireki,
tuwin sami wineling,
nungkula mring kadangipun,
Raden Gugur semana,
nglampu nusup ing asepi,
namur kula ngilangken kaputranira.

13. Silurup pan ngayam alas,
lawan sakadangireki,
kang tunggil sayayah-rena

163