Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/164

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kang aneng ing Tarub nenggih,
wonten malih putra priya saking ngarsa.

6. Patut saking putri Cina,
puniku pan garwa padmi,
putrane prabu ing Cina,
prameswari Majapahit,
nanging garwa taruni,
putri ing Cempa kang sepuh,
prameswari ing Cina,
cinarita anggarbini,
lagya pitung candra anulya sang nata.

7. Kae waning driyanira,
sengit mulat ing sang putri,
anulya sang putri Cina,
tinarimaken mring siwi,
Arya Damar wineling,
aja rinewang salulut,
yen durung wawratannya,
lairing kang jabang bayi,
yen wus lair apa sakarepe benjang.

8. Binekta maring Palembang,
sang putri denya garbini,
prapta ing mangsa ambabar,
miyos kakung warna pekik,
sampun sinung wewangi,
Raden Patah namanipun,
yeku duk timurira,
Panembahan Bintareki,
wonten malih putra priya sing ampeyan.

9. Jaranpanolih wastanya,
pinrenah dening ramaji,
aneng Sumenep negara,
wonten malih putra katri,
tunggil sayayah-bibi,

162