Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/163

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

2. Yekti waras laranira,
sang nata kagyat anglilir,
pungun-pungun sru kagagas,
karaos sangeting sakit,
kuneng datan winarni,
ing solahira sang prabu,
pan sampun sacumbana,
lawan putri Wandhankuning,
sri narendra gerahnya sampun waluya.

3. Sang putri Wandhan semana,
wawrat katur ing sang aji,
praptaning mangsa ambabar,
miyos jalu warna pekik,
nanging Sri Narapati,
sakalangkung wirangipun,
yen angakena putra,
mijil saking Wandhankuning,
dadya sinungaken maring juru sawah.

4. Mijil saking bebutulan,
tan ana wong kang udani,
kinen ngaken sutanira,
priyangga mring juru sabin,
kuneng datan winarni,
ing solah myang laminipun,
Raden Putra namanya,
Bondhan Kejawan wewangi,
Raden Lembupeteng ing Tarub wismanya.

5. Aja na kaliru tampa,
sagung kang samya sudyapti,
mamredawa ing carita,
Lembupeteng pan kekalih,
satunggal saking padmi,
kang tinanem Mandureku,
satunggil sing ampeyan,

161