Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/162

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Wandhankuning, putri tawan.

30. Saking karaman nrepati,
ing Cempa duk negri Wandhan,
binedhah ing rama Katong,
anungkul narpatenira,
atur bulu bektinya,
lawan atur putrinipun,
kang minangka tawanira.

31. Nulya sinungken mring siwi,
binekta mring Majalengka,
lami-lami kacarios,
Sang Prabu Brawijaya,
gerah kalananganya,
rajasinganen sang prabu,
kalintang sangeting gerah.

32. Tan tumama ing jejampi,
sagunging dhedhukun samya,
anelas ing usadane,
nging meksa madal kewala,
Sang nata kasangsaya,
susah ngranuhi tyasipun,
sewu siwuhen srinata.


1. Ing dalu sang nata nendra,
lagya erem-erem pitik,
my arsa swara lamat-lamat,
ujaring swara dumeling,
heh ratu Majapahit,
yen arsa waras sireku,
sira sacumbanaa,
lawan putri Wandhankuning,
lamun sira wus kalakon sacumbana.

160