Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/161

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

25. Lawan cinarita malih,
anenggih Sang Arya Damar,
puniku kang nurunake,
mring susunan Candhibalang,
ing nagari Palembang,
ratu bituwah kalangkung,
Jeng Susunan Candhibalang.

26. Yata kang winuwus malih,
putrane Sri Brawijaya,
kang wasta Bethara Katong,
tinanem ing Pranaraga,
kang anurunaken marang,
para sentana wong agung,
ing Pranaraga sedaya.

27. Wonten putranira malih,
sang aprabu Brawijaya,
kekalih pan sami wadon,
saking ampeyan kalihnya,
tunggil sayayah-rena,
satunggil denya kramantuk,
ing Lowanu adipatya.

28. Satunggile denya krami,
antuk ing Gawong dipatya,
wonten ta malih putrane,
sang aprabu Brawijaya,
sami saking ampeyan,
jalu pekik warnanipun,
ibune kang saking Wandhan.

29. Iya putri Wandhankuning,
cinatur nguni purwanya,
sang putri Wandhankuninge,
puniku pan parekannya,
sang prameswari Cempa,
Ratu Mas Dwarawatiku,

159