Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/160

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

dadya sang retna karsane,
tan atolih ibu-rama,
tan etang kadang-warga,
amung ketang wirangipun,
dadya anglampus sang retna.

21. Seda kendhat sang suputri,
milane dalasan mangkya,
sang putri kocap makame,
aran makam Rara Kendhat,
tepi wetan kedhatwan,
ing Pengging tepining umbul,
karan umbul Rara Kendhat.

22. Kuneng kang winuwus malih,
putrane Sri Brawijaya,
dyan Jaka Damar wastane,
kang ibu putii denawa,
tinanem ing Palembang,
mring rama sinung jejuluk,
Arya Damar ing Palembang.

23. Binaktan wadya jalwestri,
pan wong limangatus somah,
lan sinungan wewenange,
anabuha Lokananta,
lan wenang anganggea,
tengran kapraboning ratu,
sakwetaranya kewala.

24. Ing saben warsa sumiwi,
maring nagri Majalengka,
Arya Damar cantane,
kang mencarken para nata,
miwah para satriya,
para dipatya gung-agung,
ing Palembang sabawahnya.

158