Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/159

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

tinanem ing Mandura,
mring rama sinung jejuluk,
adipati ing Mandura.

16. Nulya arine pawestri,
sami saking putrì Cempa,
kalangkung pelak warnane,
anama Ratu Masrara,
tresna mring bokayunya,
pinet ing ratu pambayun,
sadulur kadi putranya.

17. Tumut maring Pajang Pengging,
sang dyah sawusnya diwasa,
kasmaran marang kang ipe,
Sang Prabu Handayaningrat,
baguse tanpa sama,
tan ana lyan ingkang ketung,
amung kang raka narendra.

18. Pinakramaken tan apti,
pineksa mring ibu-rama,
sang retna meksa amopo,
amung ketang ingkang raka,
atajin dhahar nendra,
anggeges sarira kuru,
anglayung liyep araras.

19. Kang bokayu prameswari,
ing Pengging uningeng cipta,
kang dadya paraning tyase,
kang rayi Ratu Masrara,
langkung kewran ing naia,
kang rayi tansah ingimur,
nanging meksa datan kena.

20. Wus kandhem kerem ing kapti,
nanging tan kapadhan karsa,

157