Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/158

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

narpatine sinoring prang.

11. Kapupu madyaning jurit,
nungkul wadya sahananya,
pan wus ingideran kabeh,
jinajah sagunging praja,
pinukul nungkul samya,
atur bulu bektinipun,
kuneng sawusnya mangkana.

12. Sri narendra Pajang Pengging,
sawadya budhal wus layar,
kondur mring Tanah Jawane,
prapta jujug Majalengka,
kuneng datan winarna,
reroncening kardinipun,
Sri Kalana Dayaningrat.

13. Wus panggih lawan sang suputri,
atut denya palakrama,
langkung sih-asih kalihe,
sigegen datan winarna,
ing solah lamenira,
nyenyuwe lakuning catur,
kang binujung ing carita.

14. Gancare sawiji-wiji,
para putra Majalengka,
pinrih prate lane kabeh,
kang marna minta aksama,
dene supe prenahnya,
kang anem lawan kang sepuh,
mung sapikantuking brangta.

15. Arenira sang sudewi,
priya apekik kang warna,
Sang Lembu Peteng namane,
tunggil saking putri Cempa,

156