Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/157

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Sri Handayaningrat nuli,
laju mring pulo Praguwa,
sinoring perang ratune,
wus nungkul srah upetinya,
nulya Srinaradipa,
layar maring pulo Agung,
pulo Selebes wastanya.

Yeku ing Mekasar Bugis,
aran Selebes pulonya,
Sri Dayaningrat prapta njer,
pra natanya sinor ing prang,
wusnya nungkul sadaya,
Sri Handayaningrat laju,
budhal malih sampun layar.

Srinarendra Pajang Pengging
marang Ternate Manila,
kalana andon jayane,
nateng Ternate Manila,
sami nungkul sadaya,
nulya wau sang aprabu,
layar maring tanah purwa.

Ing pulo Burneo prapti,
nagri Banjarmas binedhah,
bedhah nungkul narpatine,
miwah ing sabawahira,
ing Burneo pra nata,
samya srah bongkokan nungkul,
marang Sri Handayaningrat.

Wusnya mangkana sang aji,
kalana Handayaningrat,
marang ing purwa layare,
prapteng pulo geng apanjang,
aran pulo Sumatra,
mring Palembang negara gung,

155