Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/154

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Siniram ing Narendra,
nengena karuhun,
kang jumeneng nagri Demak,
tan winarna gantya kang wursita malih,
amangsuli carita.

25. Kang ginancar ing kandhanireki,
Prabu Brawijaya kang wekasan,
kacatur kathah putrane,
kang saking garwa sepuh,
Jara ranira nerpati,
putri saking ing Cempa,
kang kocap warna yu,
pinunjul ing pramudita,
sang dayinta nama Ratu Dwarawati,
yeku kang kacarita.

26. Darbe cahya kasumbagan warni,
ing sadina malih kaping sapta,
salin-sumalin warnane,
tetiga putranipun,
ingkang urip bae winarni,
kang pejah tan winarna,
dene ingkang sepuh,
pambajengira sang nata,
pan wanodya Ratu Pembayun nameki,
suwarna langkung endah.

27. Antuk waris saking ibuneki,
semburating cahya kasumbagan,
sumunu cahya angene,
pakramanira antuk,
sang aprabu ing Pajang Pengging,
Sang Sri Handayaningrat,
sektine kalangkung,
aprawira widigdaya,
ing prang ampuh keh ratu sabrang kajodhi,

152