Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/155

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sinoring pabaratan.

28. Duk ing nguni kala andon jurit,
Srinarendra pan maksih jejaka,
Sang nateng Bali purwane,
dupi balilanipun,
datan purun kareh mring Jawi,
prabu Kalageijita,
nateng Bali Agung,
apan sampun tigang warsa,
denya datan utusan atur upeti,
marang ing Majalengka.

29. Amet sraya mring iiyan nagari,
arsa njara maring Majalengka,
tigang leksa prajurite,
Balambangan pinukul,
wadya Bali unggul ing jurit,
pra dipati brang wetan,
kasoran ing pupuh,
wong ing Bali duk semana,
apan lagya winongwong jayaning jurit,
wong Jawa kagegeran.

30. Pan anglaruk ngilen wong ing Bali,
wadya ji Majalengka duk semana,
ingkang amethuk yudane,
dhadhal larut suh luyut,
datan wonten kang mangga pulih,
wong gedhe tyase kadya,
wanudya sadarum,
tan ana darbe kasuran,
giris mulad marang srayane wong Bali,
ing prang karya asmara.

II

1. Mangkana Srinarapati,

153