Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/153

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

pan kaipe mring Jeng Sunan Benang,
Prabu Sapmata namane,
jumeneng Ratu Tunggul,
iya Kangjeng Sinuhun Giri,
Mustapa Purbaningrat,
Jeng Wali Kutub,
tetungguling parentah amisesani,
ing jagad Tanah Jawa.

22. Kang ngrenggani pura di ing Giri,
ya ing Girialiman kadatyan,
dene ratu ping tigane,
kang mangka wakilipun,
dening Kangjeng Sunan kekalih,
kekutha bumi Demak,
warising kaprabun,
sutaning Sri Brawijaya,
ginantyaken karatoning Tanah Jawi,
Adipati Bintara.

23. Kang angangkat jumenengira ji,
nenggih Kangjeng para waliyulah,
myang pandhita gedhe-gedhe,
para mukmin gung-agung,
ing sa tanah Jawa ngestreni,
yen Dipati Bintara,
angalih jejuluk,
naradipati Pulembang,
bisikane Panembahan Bintareki,
lan malih sinung nama.

24. Senopati Jimbun kang wewangi,
kalipahing rasul nagri Demak,
angreh Tanah Jawa kabeh,
duk jumenenge prabu,
sinengkalan Dahana Mati,

151