Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/152

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kejawi kang sampun samya,
nungkul batin wus anggawa Islam suci,
samya anandhang iman.

18. Nanging ana bekjane kang kari,
ingkang datan bisa milu muksa,
dene salin agamane,
kang tata Buda kupur,
sinalinan agama gusti,
sami anandhang iman,
Islam pan linuhung,
sirnaning kang tata Buda,
duk bedhahe nagari ing Majapahit,
semana sinengkalan.

19. Sirna Ilang Pakartining Bumi,
duk semana sinalinan jaman,
Kalawijisaya alame,
ngadiyati puniku,
tigang tanah ponang nagari,
ing Benang Giri Demak,
narendra kang sepuh,
paparab nata pandhita,
iya Prabu Anyakrakusumeng Bumi,
ya Jeng Sinuhun Benang.

20. Jejuluke Sang Mahadimurti,
iya Sri Mahanarendra wadat,
wadat salami-lamine,
jumeneng wali Kutub,
Ghosul Ngalam Kutub Rabani,
kang ngasrama ing Benang,
asesunya samun,
pinidha kinantha-kantha,
pakukuthan yekang minangka kuthadi,
nenggih Sang Adiningrat.

21. Dene ratu ingkang kaping kalih,

150