Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/148

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sang akerti ring saptapratala,
len tang kasapta kasane,
sesiing rat sawegung,
panggelamingg wiyat pratiwi,
tiningkah tatakrama,
mamrih tartibipun,
urut-uruting paningtah,
sampurnane dadining sakalir-kalir,
pan ing dalem nem dina.

5. Nulya andadeken ngaras kursi,
karsaning Suksma Saellawu ngasya,
memuruk ing kawulane,
barang pakartenipun,
ing manungsa den enget ing wit,
aja na budi ganas,
ing tingkah kasusu,
sami nganggea ukara,
ing tartibe denya pareng anuju kapti,
wahyaning mangsa kala.

6. Ri titaning ulun mangastuti,
ring Sang Hyang kang Anurageng jagad,
tandya pepudyeng dutane,
ing Ywang kang Mahaluhur,
Kangjeng Nabi Muhamadinil,
Mustapa nabibulah,
panguluning rasul,
wekasaning pra ambiya,
nayakaning bawana dipaning bumi,
gegentining Hyang Suksma.

7. Sang nur ing rat tersandhaning widi,
pan saistu witaning tumitah,
Nur Muhamad kajatene,
muga-muga satuhu,
winantua rahmating Widi,

146