Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/147

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

1. Nihan doning ulun manulad Sri,
ring sarkara mamrih memardawa,
tyas wigena panjutane,
juwet silarjeng tuwuh,
wahananing kahanan jati,
sujana paramaria,
witaning tumuwuh,
winangun ingkang sasmita,
ginupita kang srat Babad Jaka Tingkir,
malar dadya pusaka.

2. Ing ri Akad duk wiwit mengeti,
kaping kalih likur sasi Sapar,
wanci pukul sawelase,
lintang ingkang lumaku,
nuju sangat lintang Mustari,
pareng warsa Jimawal,
sancayaning Windu
lek Jawi mangsa katiga,
ping nembelas sengkala Sang Mahamuni,
Anata Goraning Rat.

3. Ejrah Nabi tarehnya marengi,
sinengkalan Pandhita Aguna,
sinembah ing Jagad kabeh,
lek Walandi Anggustus,
kaping tigalikur winarni,
sengkala Trus Sinembah,
Sariraning Ratu,
kang mangka pandoning pudya,
tarlen muhung risang amurweng dumadi,
widining sabuwana.

4. Kang murah ing dunya sih ing akir,

145