Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/149

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

utawi sulaming Hyang,
lan pasianipun,
tertamtu dhumawuh marang,
nabi duta Muhamad ingkang sinelir,
lintang kawula-warga.

8. Muwah para sakabat pangarsi,
dining kang kanang Sayid Abubakar,
myang Sayid Umar malihe,
Sayid Usman puniku,
sekawane Sang Sayid Ali,
samya dadya kalipah,
gegentining rasul,
anutuken lelampahan,
ira Kangjeng nabi angrata agami,
amranata ing jagad.

9. Amabakduana pon sawusing,
sampat paripurnaning pamudya,
kang winarneng panggalange,
lelagon kang ginelung,
pamugeling carita Jawi,
babading Tanah Jawa,
lelampahanipun,
para nata kang ginita,
wusing jaman Srikalaraja pepati,
Dewaraja semana.

10.Jaman iku ingkang amekasi,
panjenenganira naranata,
Raden Alit duk timure,
jumeneng sang aprabu,
Erawjjaya ping gangsal nenggih,
ing nagri Majalengka,
jangkep satus tahun,
umuring ponang nagara,
turun sapta kang jumeneng narapati,

147