Halaman ini tervalidasi
- Weradin binagi-bagi,
sentana myang kulawarga,
santri lit bungah kalintang.
ketip modin marebote,
tan ana kangkaliwatan,
ambengan pirang-pirang,
salawat hanggung lumintu,
- Akembul pra samya bukti,
wus bibar andum barekat,
tan cinatur reruncene,
yata wau cinarita,
kang lagya asungkawa,
nyai Geng Tingkir ing dangu,
sasedane lakenira.
- Kiyageng dereng alami,
katetah midhanget warta,
kang rayi Pengging sedane,
garwane lajeng agerah,
Ni Ageng Tingkir sigra,
tetuwi mring Pengging gupuh,
tan cinatur lampahira.
- Ing Pengging pan sampun prapti,
laju lumebeng ing pura,
panggih nyi ageng kalihe,
angrangkul samya karuna,
kagagas ing werdaya,
dhuh lae ta kadangingsun,
katuwone kang atilar.
- Wus tata lenggahan sami,
kathil sakalihanira,
Ni Ageng Pengging ature,
kang embok sami katuran,
sarawuh jengandika,
350