Halaman ini tervalidasi
gendhong samya pakumpulan,
angiter sima kang muni.
- Nalasak kang ara-ara,
pinggir jurang garumbul den obori,
nanging sima tan ketemu,
kang ngombang suwaranya,
pan wong kathah tan anduga samya gumun,
tan antara lampahira,
tumurun mring pinggir kali.
- Ting barekuh giyak-giyak,
minggah jurang semana aningali,
sasore kayu kapundhung,
ana sujalma lenggah,
pan wewolu nulya pinaranan gupuh,
tinakonan mring wong kathah,
Jeng Pangran Kudus nauri.
- Pan santri Kudus manira,
sedyaningsun pan arsa marang Pengging,
nanging kawengen delanggung,
marma tan laju ingwang,
balik isun atanya apa sedyamu,
jalma keh kang padha prapta,
pan agita sun tingali.
- Sedaya saur kukila,
sedyanira angiter sima mangkin,
angombang suwaranipun,
ing mangke datan ana,
Pangran Kudus aris pangandikanipun,
yen mangkono sun weh aran,
ing desa Sima puniki.
- Dene kalaningsun liwat,
tan na macan suwaranira kapyarsi,
338