Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/288

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

miwah ingkang para wali kabeh,
sahananing pasamuwan ngenting,
sesalaman sami,
mring sang wus linuhung.

22. Sawusira sesalaman sami,
sagunging punang wong,
sang linuhung alon ing wuwuse,
maring jeng susunan kang pinundhi,
ing mangke sarehning,
wus palesteng kukum.

23. Ulun pamit ayun amindahi,
jaman kang kinaot,
lah kantuna basuki ing tembe,
tuwin andika srinarapati,
den sami basuki,
kang kantun ing pungkur.

24. Miwah kanca-kanca para wali,
pra pandhita kaot,
pra ulama para mukmin kabeh,
dipun sami basuki ing wuri,
tuwin ta sagunging,
sen tana gung-agung.

25. Para nayaka bupati mantri,
punggawa sang katong,
manira mit mring dheweke kabeh,
mugya sami kantuna basuki,
den apened sami,
rahayuweng pungkur.

26. Gumer sami kang sumaur inggih,
mugi-mugi ing don,
sami manggiha karahayone,
ingkang pindhah lawan ingkang kari,

286