Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/351

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  1. kamat perlu isa aglis,

    sawusnya bakda,

    sadalu tan aguling.


  1. Maos donga nenuwun raharjeng lampah,

    Jeng Pangran Kudus mangkin,
    pranyata minulya,
    prawira gagal lembat,
    ekas tekabul ing ngelmi,
    putus weweka,

    kasmaran kang ningali.

XXXI.

  1. Ing bakda subuh lumaris,

    jeng pangran lan sarowangnya,
    angalor-ngetan lampahe,
    yata ganti cinarita,
    wadya Pengging semana,
    saundurira angelut,
    tetamu kang mawa cidra.


  2. Lampahnya tan angsal kardi,
    kluhuran ing kawibawan,
    pra sami susah manahe,
    sentana Pengging sedaya,
    jalu estri karuna,
    ni Rubiyah tyas matrenyuh,
    kaetang kang sampun seda.

  3. Tilar putra meksih alit,
    kalangkung ing kawlasarsa,
    Mas Karebet jejuluke,
    semana apakumpulan,
    sagung kawula-warga,
    ngaos pitung dintenipun,
    ambengan anulya medal.

349