Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/339

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

24. Wus laju kangjeng pangeran,
ngidul-ngilen sabat pepitu ngirinp
pan nganti panggendhongipun,
bendhe Jeng Kyai Macan,
lampahira jeng pangran kasaput dalu,
lereb samana alenggah,
bebulak sapinggir kali.

25. Cemara sak ngandhap wreksa,
pan kapundhung sakabat tarap ngarsi,
bendhe binuka lisipun,
inggih sengkelat abang,
cinenthelken neng nginggil kajeng kapundhung,
ing wektu mahrib semana,
prasamya turun mring kali.

26. Wusnya wulu jeng pangeran,
sabat pitu prasamya atut wuri,
wusnya pragad samya wangsul,
mring panggenane lama,
Pangran Kudus angimani munggeng ngayun,
mahrib dumugi ing isa,
arahap denya memuji.

27. Sawusnya amaos donga,
ing nalika jam sanga ingkang wanci,
panuju padhang sitengsu,
jeng pangran angandika,
kinen nabuh bendhe Ki Macan puniku,
semana tandya tinembang,
swaranya muluk wiyati.

28. Pan kadya sima barungan,
kekes kabeh dhusun ing kanan kering,
mancapat mancalimeku,
pan samya kagegeran,
dipun nyana satuhu macan puniku,

337