Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/285

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

5.Yayah toyaning atal ingiling,
yata kang samya non,
ngucap-ucap maksih lumrah bae,
saben jalma padha anduweni,
ludira kang kuning,
wauta sang gembung.

6. Nulya mijil kang ludira putih,
putihe mencorong,
sarya arum angambar gandane,
kang samya non ngucap-ucap malih,
maksih lumrah ugi,
saben manuseku.

7. Padha duwe getih catur warni,
jer titahing manon,
sangking patang wama anasire,
abang ireng kuning lawan putih,
wus asale nguni,
patang prakareku.

8.Yata wau kang rah catur warni,
bisa cecelathon,
sami muji sukuring kadaden,
pira-pira nikmating ngaurip,
manpangating pati,
nikmating tinemu.

9. Jroning pati-pati kang patitis,
liwat sangking elok,
manuseki sajati-jatine,
ingkang sampun ambontos ing elmi,
apan ora mati,
urip sajegipun.

10.Sink lamun ingaranan mati,
jer tan keneng layon,
mung kewala ngalih panggonane,

283