Jv/Kajawen 021

From Wikisource
Jump to navigation Jump to search
Ăngka 21, 24 Dulkangidah Taun Wawu 1857, 26 Mèi 1927, Taun II.

Sêrat Minggon

Kajawèn[edit]

Bale Pustaka=Wèltêvrèdhên.



[ Cover ]


꧋ꦎꦁ​ꦏ 21꧈​ ꧒꧔꧇​ ꦢꦸꦭ꧀ꦏꦔꦶꦢꦃ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦮꦸ​꧇ ꧑꧘꧕꧗꧇​꧈​ 26 ꦩꦺꦲꦶ​ 1927꧈​ ꦠꦲꦸꦤ꧀ II.


ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈



ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀


꧋ꦉꦒꦶꦤꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ f. 150 ​

ꦧꦪꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦭꦁꦒꦤꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁꦱꦏꦶꦁ 3 ꦮꦸꦭꦤ꧀꧉

꧋ꦗꦸꦫꦸꦔꦫꦁ​ꦲꦢ꧀ꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦿꦱꦶ ꦧꦭꦺꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦮꦶꦁꦏꦶꦔꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦥꦭꦶꦱ꧀꧈​

ꦠꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩꦼꦂ 2791 ꦮꦺꦭ꧀ꦠꦼꦦ꦳ꦿꦺꦝꦼꦤ꧀꧉​


꧋ꦠꦶꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦱꦏꦭꦁꦏꦸꦔꦱꦿꦶ꧉​

This page contains an image which should be extracted and uploaded to Commons (if it is free in the country of origin) or to Wikisource (if it is free only in USA).


꧋ꦮꦮꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦄꦲꦺꦂ​ꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦄꦩ꧀ꦧꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦥꦱꦶꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦤꦼꦁ​ꦱꦼꦩ꧀ꦩꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦺꦃ​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦤ​ꦥꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦱꦶꦫꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦫ​ꦮꦶꦢꦢꦫꦶ꧉​

Ăngka 21, 24 Dulkangidah Taun Wawu 1857, 26 Mèi 1927, Taun II.

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpon nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Têtingalan ingkang sakalangkung asri

[Grafik]

Wawasan ing Aèr Putri, Ambon, inggih punika pasiraman ingkang nêngsêmakên, botên anèh bilih ing jaman kina papan ingkang kados makatên wau dados pasiramaning para widadari.

[ 322 ]

P.A.A. Kusumayuda,
Gedelegeerde saha 1e
Plaatsvervangend Voorzitter,

Mr. A. Neytzell de Wilde,
Voorzitter Volksraad,

T.H. de Hoog,
Gedelegeerde saha 2e.
Plaatsvervangend Voorzitter,

C.H. M.H. Kiès,
Gedelegeerde,

J.A. Monod de Froideville,

Abdoel Firman gelar
Maharaja Soangkupon,

G.J. van Lonkhuyzen,

R.A.A. Ahmad Jayadiningrat,
Gedelegeerde,

R.P. Surasa,

R.M.A.A. Kusumahutaya,
Gedelegeerde.

Pangeran Ahmad Ali,

[ 323 ]꧋ꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦉꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀꧈

꧋ꦲꦶꦁꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦲꦁꦏ꧇꧒꧐꧇​ꦲꦶꦁꦧꦒꦶꦪꦤ꧀ꦏꦧꦂꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦭꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦤꦺꦤ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧑꧖꧇​ꦩꦺꦲꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦉꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦏꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦸꦥꦕꦫ꧉​ꦩꦸꦫꦶꦃꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦲꦩꦕꦏ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦭꦶꦢ꧀ꦭꦶꦢ꧀ꦢꦶꦁꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦲꦼꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦔꦔꦿꦮꦠ꧀ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ꦏꦭꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦉꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦽꦭꦸꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦏꦛꦃ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦽꦭꦸꦲꦔꦼꦮꦿꦠ꧀ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦕꦼꦏꦏ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

꧋ꦝꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀꧈​ꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦉꦤꦥꦁꦒꦭꦶꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦼꦤꦼꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦏꦭꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦉꦥ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂ꧈​ꦏꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦤꦩ꧀ꦥꦶꦥꦔꦸꦮꦱꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦝꦮꦸꦃꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦉꦥ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦩꦸꦒꦶ​ꦩꦸꦒꦶꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃꦭꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦱꦩꦶꦪꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦤꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦪꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚꦩ꧀ꦧꦸꦢ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦱꦉꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦫꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦶꦠꦠꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦱꦲꦶꦱꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦉꦤꦤꦶꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦱꦩꦁꦏꦼꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦔꦗꦼꦁ​ꦲꦗꦼꦁꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦠꦼꦠꦼꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦼꦱꦿꦮꦸꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦫꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧ꧀ꦥꦸꦤꦥꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦲꦼ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦏꦭꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦧꦼꦧꦪ꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦱꦲꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦥꦸꦤꦶꦏꦕꦼꦛꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦤꦫꦶꦩꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦩꦼꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦥꦫꦶꦁꦝꦮꦸꦃꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩꦁꦏꦼꦱꦢꦪꦱꦂꦮꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦭꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦮꦃꦏꦛꦃ꧈​ꦥꦿꦤꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦶꦪꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦔꦼꦧꦾꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦥꦥꦽꦤ꧀ꦠꦃꦲꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧉​ꦱꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦭꦗꦼꦁꦲꦥꦫꦶꦁꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦭꦶꦢ꧀ꦭꦶꦢ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀꧉​ꦝꦮꦸꦃꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦱꦩꦁꦏꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦼꦮꦃꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦮꦼꦮꦃꦠꦼꦠꦁꦒꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦭꦶꦢ꧀ꦭꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦮꦼꦮꦃꦲꦮꦿꦠ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦪꦏꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦫꦭꦶꦢ꧀ꦭꦶꦢ꧀ꦮꦲꦸꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦚꦏꦸꦥ꧀ꦱꦢꦪꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦼꦠꦁꦒꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦉꦤꦤꦶꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦱꦿꦶꦩꦲꦫꦗꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ Mr. A. Neytzell de Wilde ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦏꦭꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦂ [ 324 ]

H.C. Kerkkamp, Gedelegeerde,

Dr. J.I.J.M. Schmutzer, Gedelegeerde,

P.A. Mandagie, Gedelegeerde,

R.W. Dwijasewaya, Gedelegeerde,

F.H.K. Zaalberg,

H.H. Kan, Gedelegeerde saha 3e Plaatsvervangend Voorzitter,

Ali Musa, Gedelegeerde,

B. Roep, Gedelegeerde,

Mr. P.A. Blaauw, Gedelegeerde,

Ir. Dr. Han Tiauw Tjong,

Khouw Kim An,

Th. Ligthart.

[ 325 ]ꦱꦤꦶꦁꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂ꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦱ꧀ꦠꦤꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦩꦶꦭꦶꦃꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦉꦥ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦩꦁꦏꦼꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦩꦶꦤꦁꦏꦒꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦉꦏꦢꦪꦱꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦢꦼꦤꦼꦉꦏꦢꦪꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦊꦭꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦉꦥ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦠꦱ꧀ꦤꦩꦤꦶꦁꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃꦲꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦤꦫꦶꦩꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦶꦪꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦩꦶꦮꦶꦠꦶꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦼꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦆꦤ꧀ꦢꦶꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦼꦁꦒꦭ꧀ꦏꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦊꦉꦱ꧀ꦭꦼꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦼꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦩꦉꦩ꧀ꦩꦶꦁꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦭꦶꦩꦿꦃ꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦸꦒꦶꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦱꦩꦶꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦔꦏꦼꦤ꧀ꦤꦶꦩꦼꦁꦒꦃꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧉​

꧋​ꦏꦗꦮꦶꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦼꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦁ​ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦁꦭꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦥꦥꦽꦤ꧀ꦠꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦭꦶꦒꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦧꦒꦶꦪꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦔꦺꦁꦔꦶꦁꦔꦶꦆꦤ꧀ꦢꦶꦪ꧈​ꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦱꦸꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧉​ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦺꦁꦔꦶꦁꦔꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦢꦶꦪ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦥꦿꦤꦠꦢꦼꦤꦶꦁꦲꦺꦴꦂꦝꦼꦤꦤ꧀ꦱꦶ꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩꦁꦏꦼꦥꦿꦤꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦩꦸꦥꦏꦠ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦫꦥꦤꦔꦿꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶ꧇​ꦕꦺꦴꦊꦒꦼꦮ꦳ꦤ꧀ꦒꦼꦢꦼꦊꦒꦼꦲꦼꦂꦢꦼꦤ꧀꧉​ꦫꦚ꧀ꦕꦔꦤ꧀ꦮꦿꦒꦢ꧀ꦆꦤ꧀ꦢꦶꦪꦲꦸꦒꦶꦏꦼꦢꦃꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦼꦫꦔꦤ꧀ꦥꦼꦫꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦥꦏꦠꦶꦢꦼꦤꦶꦁꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦔꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀Graaf van Limburg Stirum ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦲꦶꦝꦩ꧀ꦲꦶꦝꦩꦤ꧀ꦲꦼꦮꦃꦲꦼꦮꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦝꦮꦸꦃꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦶꦠꦱꦢꦪꦲꦧꦶꦔꦃꦧꦶꦔꦃ꧈​ꦲꦶꦔꦠꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦱꦔꦁꦠꦲꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦝꦩ꧀ꦲꦶꦝꦩꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦢꦸꦩꦸꦒ꧀ꦒꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦧꦧ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧꦂꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦠꦱꦢꦪꦏꦼꦢꦃꦲꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦼꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀Graaf van Limburg Stirum ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦭꦗꦼꦁꦛꦸꦏꦸꦭ꧀ꦒꦒꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦲꦩꦼꦮꦲꦶꦏꦩꦗꦼꦁꦔꦤꦶꦁꦫꦏꦾꦠ꧀꧈​ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶ꧈​ꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦱꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦶꦠꦶ​ꦱꦶꦠꦶꦥꦂꦠꦶꦏꦸꦭꦶꦂ꧈​ꦲꦔꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦤꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋꧌ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧍​

Pambikakipun Parêpatan Polêksrad[edit]

Ing Kajawèn ăngka 20 ing bagian Kabar Warni-warni sampun kawartosakên, bilih kala dintên Sênèn tanggal 16 Mèi punika, parêpatan polêksrad enggal kabikak kanthi upacara. Murih adamêl sênênging panggalihipun para maos sadaya, ing ngriki amacak gambaripun para lid-liding polêksrad enggal punika. Kajawi punika ing Kajawèn ingkang kapêngkêr sampun ajangji ngrawat sêsorah dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral kala pambikakipun parêpatan polêksrad. Ing sarèhning punika kados prêlu kasumêrêpan ing ngakathah, amila ing ngandhap punika prêlu angêwrat sêsorah dalêm wau, nanging kanthi kacêkak kemawon.

Dhawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, saklangkung rêna panggalih dalêm, dene sagêd anjênêngi kala pambikakipun parêpatan polêksrad enggal punika. Kintên-kintên wolung wulan ingkang kapêngkêr, kala ingkang wicaksana anampi panguwasa nagari, sampun paring dhawuh pangandika wontên ing sangajênging parêpatan polêksrad ugi, angajêng-ajêng kanthi sangêt, mugi-mugi pamarentah lan polêksrad samia pitados-pinitados, lan samia sagêd anyambud damêl sêsarêngan, murih sagêdipun anjagi tata têntrêmipun nagari saisinipun. Kanthi rênaning panggalih dalêm, samangke ingkang wicaksana sagêd ngandikakakên, bilih pangajêng-ajêng dalêm wau têtela wontên damêlipun. Sêsrawungan dalêm ingkang wicaksana kalihan para tuwan-tuwan ing bab punapa kemawon tansah sae. Punapa malih kala ing salêbêting bêbaya, pambantu saha kapitadosanipun dhatêng ingkang wicaksana punika cêtha sayêktos. Ingkang punika kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral andhawuhakên gênging panarimahipun.

Mênggah tumrap polêksrad, ingkang wicaksana paring dhawuh pangandika, bilih samangke sadaya sarwa enggal, lidipun wêwah kathah, pranatanipun enggal, makatên ugi padamêlanipun ugi enggal. Dados tanah Indiya punika ingêbyuk ing jaman paprentahan enggal. Salajêngipun ingkang wicaksana lajêng aparing wilujêng dhatêng para lid-lid polêksrad. Dhawuh pangandikanipun, bilih polêksrad samangke punika botên wêwah padamêlanipun, ananging wêwah têtanggêlanipun. Jalaran saking punika padamêlanipun para lid-lid inggih lajêng wêwah awrat, ananging ingkang wicaksana kagungan kayakinan, bilih para lid-lid wau têmtu sagêd nyakup sadaya padamêlan, kuwajiban lan têtanggêlanipun wau.

Makatên ugi ingkang wicaksana anglairakên rênaning panggalih dalêm, bilih kangjêng sri maharaja putri anêtêpakên paduka tuwan Mr. A. Neytzell de Wilde dados pangarsaning polêksrad malih. Sintên ingkang sampun nyumêrêpi kadospundi padamêlanipun paduka tuwan wau, kala dados pangarsaning polêksrad ingkang kapêngkêr, têmtu sagêd mastani, bilih pamilihan punika kalêrêsan sayêktos.

Ingkang wicaksana angandika, bilih sawênèhing tuwan-tuwan ingkang kala rumiyin wontên ing parêpatan punika, samangke botên wangsul ing ngriku malih. Minăngka gantosipun tuwan-tuwan ingkang botên wangsul malih wau, ingkang wicaksana anindakakên rekadaya sasagêd-sagêdipun, eman sangêt, dene rekadaya dalêm punika botên sagêd katindakakên sadaya. Tumrap lêlabêtanipun para ingkang botên wangsul ing parêpatan punika malih, ingkang wicaksana atas namaning pamarentah andhawuhakên gênging panarimahipun.

Ing ngajêng ingkang wicaksana sampun andhawuhakên, bilih tanah Indiya punika amiwiti ngancik ing jaman enggal punika. Wiwit dintên punika, pranatan nagari Indiya ingkang enggal kawiwitan katindakakên kanthi salêrês-lêrêsipun. Bilih pranatan enggal punika botên adamêl marêming têtiyang sadaya, mila inggih sampun jaman limrah. Sanadyan makatêna ugi sadaya tiyang têmtu sami purun angakêni mênggah gunanipun pranatan kasbut nginggil.

Kajawi prakawis-prakawis ingkang pancèn dipun piyambakakên, botên badhe dipun wontênakên undhang-undhang lan pranatan paprentahan umum ingkang maligi utawi sabagian agêng angèngingi Indiya, sadèrèngipun polêksrad suka timbangan rumiyin. Prakawis-prakawis ingkang ngèngingi kawontênanipun tanah Indiya, utawi prakawis-prakawis ingkang mêsthi kapranata dening ordhênansi, wiwit samangke pranatanipun wau kadamêl dening kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral kanthi mupakatanipun polêksrad piyambak utawi para pangrèhing padintênan polêksrad, inggih punika ingkang dipun wastani: College van Gedelegeerden. Rancangan wragad Indiya ugi kêdah katêtêpakên wontên ing ngriku, inggih punika perangan-peranganipun ingkang dipun mupakati dening polêksrad lan kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral.

Ingkang wicaksana andhawuhakên, bilih sangang taun ingkang kapêngkêr kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral Graaf van Limburg Stirum sampun kagungan idham-idhaman ewah-ewahan ingkang makatên punika, amila dhawuh dalêm ingkang wicaksana, sampun dados pantêsipun, bilih kita sadaya abingah-bingah, ingatasipun salêbêting sangang taun, idham-idhaman wau sampun sagêd kadumugèn, ananging bab sanès-sanèsipun, ing sarèhning dèrèng wontên wohipun babarpisan, sampun dados wajibipun kita sadaya kêdah anindakakên kanthi satêmên-têmênipun, sintên ingkang sampun nate maos sêsorah dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral Graaf van Limburg Stirum sampun têmtu lajêng thukul gagasanipun warni-warni, kados ta: amêwahi kamajênganing rakyat, kagunan têtiyang pribumi, anumbasi wangsul siti-siti partikulir, angajêngakên têtanèn lan sanès-sanèsipun.

(Badhe kasambêtan)

[ 326 ]
꧋ꦱꦠꦺꦴꦏꦼꦮꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦤꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀

꧋ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦶꦱꦶꦤꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦼꦥꦏ꧀꧈​ꦏꦛꦃ​ꦱꦲꦩꦮꦂ​ꦤꦶ​ꦮꦂ​ꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦚꦼꦧꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦤꦭꦂ​꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔꦤ꧀ꦝꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦼꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁ​ꦱꦲꦶꦤ꧀ꦢꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦱꦩꦸꦢꦿꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦄꦗꦼꦗꦸꦭꦸꦏ꧀꧇​ꦧꦛꦫꦧꦫꦸꦤ꧈​ꦩꦭꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦝꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦱꦁ​ꦲꦾꦁ​ꦧꦫꦸꦤꦮꦲꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦢꦫꦃ​ꦥꦤ꧀ꦝꦮ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦗꦺꦴꦝꦶꦥꦠꦶꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦉꦗ​ꦏꦝꦲꦸꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦏꦱꦶꦃ​ꦢꦺꦮꦶꦧꦫꦸꦤꦮꦠꦶ꧉​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦸꦒꦶꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦤꦩꦸꦁ​ꦕꦫꦔꦤ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦚꦼꦧꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦒꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦲꦶꦁ​ꦩꦒꦼꦭꦁ​꧈​ꦠꦼꦩꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦭꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀​ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦭꦶꦩꦿꦃ​꧉​ꦩꦭꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦤꦔꦿꦶꦏꦏꦛꦃ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦉꦩꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦁ​ꦱꦼꦩ꧀ꦩꦏꦼꦤ꧀ꦱꦲꦫꦩꦼꦤꦶꦁ​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀꧉​

꧋ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦧꦁ​ꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦤꦺꦃ​​ꦲꦤꦺꦃ​ꦧꦧ꧀ꦲꦶꦱꦶꦤꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦧꦁ​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦧꦁ​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦱꦩꦸꦢꦿꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦮꦼꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦏ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦲꦒꦼꦁ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦧꦪꦤꦶꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦧꦲꦶꦠꦏꦥꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦊꦭꦪꦂ​ꦫꦤ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦸꦁ​ꦒꦮꦧꦲꦶꦠꦧꦁ​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦂ​ꦤꦶꦠꦶꦠꦃ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦫꦲꦶꦱꦲꦧꦢꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦺꦫꦔꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦸꦭꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦱꦫꦶꦤꦃ​꧌ꦗ꦳ꦺꦲꦺꦩꦺꦲꦺꦂ​ꦩꦶꦤ꧀꧍​ꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦲꦲꦫꦶꦤꦃ​ꦮꦲꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦱꦩꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦮꦤꦶꦁ​ꦱꦩꦸꦢꦿ꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦁ​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺ [ 327 ]ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦢꦺꦮꦤꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦤꦶ꧇​ꦧꦛꦫꦧꦫꦸꦤ꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦫꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦺꦮꦤꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦤꦩꦺꦏꦏꦼꦤ꧀꧇​ꦤꦺꦥ꧀ꦠꦸꦤꦸꦱ꧀꧉​ꦥꦫꦥꦸꦁ​ꦒꦮꦏꦥꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦱꦫꦶꦤꦃ​ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦼꦒꦺꦴꦝꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦏꦥꦭ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦶꦁ​ꦥꦫꦱꦫꦶꦤꦃ​ꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦮꦂ​ꦤꦶ꧈​ꦏꦛꦃ​ꦥꦫꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦏꦥꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦏꦥꦺꦚ꧀ꦕꦸꦠ꧀ꦱꦲꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦼꦧꦾꦸꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦠꦼꦩꦃ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦮꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦧꦢꦤ꧀ꦩꦤꦸꦱ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦲꦸꦭꦩ꧀ꦝꦸꦪꦸꦁ​꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​꧈​ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦝꦸꦪꦸꦁ​ꦮꦲꦸꦲꦶꦁ​ꦱꦏꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦤꦸꦱꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦉꦁ​ꦏꦥꦼꦗꦃ​ꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦭꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦔ꧀ꦭꦭꦸꦱꦲꦲꦁ​ꦒꦼꦧꦾꦸꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦏꦭ​ꦏꦭꦩꦤꦮꦶꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦲꦺꦩꦸꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦗꦊꦂ​꧈​ꦭꦗꦼꦁ​ꦩꦼꦛꦸꦔꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦠꦮꦁ​​ꦠꦔꦶꦱ꧀꧉​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦭꦸꦲꦶꦁ​ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦝꦸꦪꦸꦁ​ꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦼꦭꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦭꦗꦼꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦤ꧀꧇​ꦠꦶꦪꦁ​ꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦝꦸꦪꦸꦁ​ꦲꦸꦠꦮꦶꦭꦶꦱꦃ​ꦝꦸꦪꦸꦁ​꧉​ꦥꦸꦤꦥꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦩꦁ​ꦒꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦔꦶꦭ꧀ꦩꦸꦑꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦛꦃ​ꦢꦺꦴꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦭꦢꦤ꧀ꦠꦸꦭꦢꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦏꦥ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦏ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​​ꦚꦼꦧꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦤꦭꦂ​꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦏꦛꦃ​ꦱꦲꦩꦮꦂ​ꦤꦶ​ꦮꦂ​ꦤꦶꦤꦶꦁ​ꦲꦶꦱꦶꦱꦩꦸꦢꦿ꧉​ꦢꦼꦤꦼꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦛꦃ​꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦺꦴꦏꦼꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦤꦩꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦒꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦶꦭꦊꦉꦱ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦕꦼꦛꦲꦶꦁ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦃ​ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦲꦶꦧꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦼꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦼꦢꦸꦤꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦥꦶꦁ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦼꦤꦼꦏꦼꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦤ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦏꦲꦸꦤꦶꦔꦤ꧇​ꦱꦒꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦶꦱꦶꦏ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦱꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦝꦫꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​

Sato Kewan Isining Sagantên[edit]

Mênggah isining sagantên punika saking pêpak, kathah saha mawarni-warninipun, ngantos anukulakên pintên-pintên cariyos ingkang asring nyêbal saking nalar, kados ta: wontên cariyos ingkang ngandharakên, bilih ing sagantên punika wontên dewanipun ingkang angratoni ing saindênging samudra sadaya, inggih punika ingkang ajêjuluk: Bathara Baruna, malah ing cariyos padhalangan wontên lampahan ingkang nyariyosakên, bilih Sang Hyang Baruna wau mundhut mantu darah Pandhawa, inggih punika putra Jodhipati Radèn Ăntarêja kadhaupakên kalihan putranipun putri ingkang kêkasih Dèwi Barunawati. Sagêd ugi bilih lampahan ingkang makatên wau namung carangan kemawon, dados nyêbal saking pakêmipun, ananging ing sawênèhing panggenan, kados ta ing Magêlang, Têmanggung lan sanès-sanèsipun, lampahan wau sampun nama limrah. Malah ing ngrika kathah têtiyang ingkang sami rêmên, amargi saking anggènipun anêngsêmakên saha ramening lampahan.

[Grafik]

Botên namung băngsa wetanan kemawon ingkang gadhah cariyosan ingkang anèh-anèh bab isining sagantên, sanajan băngsa kilenan makatên ugi, kados ta kala rumiyin băngsa kilenan anggadhahi kapitadosan, bilih ing salêbêting samudra punika wontên sawêripun ingkang saklangkung agêng, ingkang ambêbayani tumrap baita kapal ingkang sami lêlayaran, makatên ugi punggawa baita băngsa kilenan sami anggadhahi kapitadosan, bilih ing salêbêting sagantên punika wontên warni titah, ingkang anggadhahi rai saha badan kadosdene manusa, ananging ing perangan ngandhap ulam, inggih punika ingkang sok kawastanan Sarinah (Zeemeermin) dene para Sarinah wau dipun cariyosakên manawi sami anakipun dewaning samudra. Dados băngsa kilenan kala rumiyin inggih pitados, bilih ing sagantên punika wontên dewanipun ingkang angratoni ing ngriku. Dewaning sagantên dening têtiyang Jawi dipun namani: Bathara Baruna, mênggahing para kilenan dewaning sagantên wau kanamèkakên: Nèptunês (Neptunus). Para punggawa kapal ing jaman rumiyin sami anggadhahi kapitadosan, bilih Sarinah kasbut nginggil, asring anggêgodha dhatêng para têtiyang kapal. Ing sarèhning para Sarinah wau sami endah ing warni, kathah para têtiyang kapal ingkang sami kapencut saha lajêng anggêbyur ing sagantên, ingkang satêmah dados tiwasipun.

Tumrap têtiyang Jawi inggih wontên ingkang sami pitados, bilih ing salêbêting sagantên punika wontên ulam ingkang abadan manusa. Inggih punika ingkang dipun wastani ulam dhuyung. Mênggah miturut cariyosing tiyang, ulam dhuyung wau ing sakawit inggih manusa ugi, ananging sarêng kapêjahan ing lakinipun lajêng nglalu saha anggêbyur ing sagantên. Kala-kala manawi pinuju emut dhatêng ingkang jalêr, lajêng mêthungul saking sagantên saha nuntên atawang-tangis. Miturut cariyosing tiyang, sintên ingkang sagêd angsal luhing ulam dhuyung kalanipun nangis punika, lajêng sagêd angelutakên dhatêng tiyang sanès, amila lajêng wontên têtêmbungan: tiyang kenging dhuyung utawi lisah dhuyung. Punapa punika lêrês utawi botênipun kasumanggakakên ing para maos, ananging miturut ngilmu Khak, kados inggih kathah doranipun.

Tuladan-tuladan kasbut nginggil kados sampun cêkap tumrap ambuktèkakên kathahing cariyos-cariyos ingkang nyêbal saking nalar, jalaran saking kathah saha mawarni-warnining isi samudra. Dene cariyos-cariyos ingkang pancèn botên dora mila inggih kathah, kados ta: bilih ing salêbêting sagantên punika wontên sato kewan ingkang kanamèkakên sagawon sagantên, punika mila lêrês sayêktos, tăndha yêktinipun gambar ingkang kacêtha ing sisih punika, têmtunipun salah satunggiling para maos wontên ingkang maibên, bilih kewan punika dêdunung wontên ing sagantên, jalaran ing ngriku katingal anggadhahi kuping kadosdene kewan ing wana, ananging kauningana: sagawon sagantên punika ingkang kêrêp sami wontên ing kisik, dados gêsangipun wontên ing dharatan lan wontên ing sagantên.

[ 328 ]
꧋ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ​

꧋ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁ​ꦩꦸꦁ​ꦒꦸꦃ​ꦏꦭꦮꦂ​ꦠꦶꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦺꦤꦶꦏꦫꦔꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦏꦮꦸꦤꦶꦔꦤ꧇​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦫꦸꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦉꦝꦏ꧀ꦱꦶꦧꦊꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦒꦝꦃ​ꦥꦤꦼꦝꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦝꦏ꧀ꦱꦶꦤꦼꦫꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦿꦶꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦫꦸꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕ​ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦫꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧈​ꦩꦁ​ꦏꦏꦼꦥꦼꦏ꧀ꦱꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦉꦝꦏ꧀ꦱꦶꦩꦤꦃ​ꦥꦽꦭꦸꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦤꦼꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦒꦸꦫꦸꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ​ꦲꦤ꧀ꦝꦫꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦕꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ ꦱꦿꦶꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦲꦭꦸꦮꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦿꦶꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦮꦂ​ꦠꦶꦧꦱꦩ꧀ꦭꦪꦸ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦧ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦮꦲꦸꦢꦼꦢꦼꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​

꧋ꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ​ꦱꦼꦢꦾꦠꦩꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦼꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦫꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦸꦭꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦁ​ꦱꦸꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦸꦩꦛꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦗꦶꦧꦃ​ꦩꦁ​ꦱꦸꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦩꦶꦱꦶꦧꦧ꧀ꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦗꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦱꦽꦮꦼꦢꦫꦶ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦼꦫꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦏꦸꦩꦶꦱꦶꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​​ꦠꦶꦪꦁ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦠꦶꦠꦶꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦧꦧ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦢꦸꦒꦶ​ꦢꦸꦒꦶꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦭꦶꦩꦿꦃ​ꦲꦶꦁ​​ꦱꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦥꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦲꦼꦁ​ꦒꦭ꧀ꦧꦧ꧀ꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦗꦮꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦝꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦒꦼꦩꦶꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦭꦸꦩꦪꦤ꧀ꦏꦁ​ꦒꦼꦲꦩ꧀ꦧꦭꦧꦫꦶꦲꦶꦁ​ꦱꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦁ​ꦱꦸꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀꧉​

꧋ꦤꦩ꧇​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦱꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦸꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦒꦸꦥꦽꦩꦼꦤꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦭꦶꦩꦿꦃ​꧈​ꦗꦭꦂ​ꦫꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦫꦩꦱꦱ꧀ꦠꦿꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦶꦩꦿꦃ​ꦏꦁ​ꦒꦼꦲꦸꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦫꦒꦸꦫꦸꦏꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔꦁ​ꦒꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦤꦩꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦮꦲꦸꦤꦩꦸꦁ​ꦧꦁ​ꦱꦤꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦫꦩꦱꦱ꧀ꦠꦿꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦤꦃ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦧꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦤꦠꦼꦩꦽꦒꦺꦴꦏꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦶꦉꦁ​ꦧꦧ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦤꦩꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦧꦲꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿ T. Roorda ꦱꦂ​ꦠ K.F. W꧈​ꦤꦩ꧇​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦮꦲꦸꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦸꦭꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩ꧇​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦠꦠꦤꦶꦁ​ꦉꦉꦁ​ꦒꦤ꧀꧈​ꦠꦠꦤꦶꦁ​ꦥꦔꦽꦁ​ꦒ꧈​ꦠꦠꦤꦶꦁ​ꦥꦱꦿꦺꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦠꦼꦫꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦠꦠ=ꦲꦠꦸꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀꧉​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​꧇​ꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ=ꦲꦶꦁ​ꦤꦔꦿꦶꦏꦸꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦏꦸꦭꦧꦝꦼꦤꦼꦒꦼꦱꦶ꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦤꦶꦁ​ꦕꦩ꧀ꦥꦸꦂ​ꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦗꦱꦠ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦱꦺꦁ​ꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦶꦩꦃ​꧈​ꦥꦤꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦧꦿꦺꦴꦤ꧀ꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧꦁ​ꦱꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦮꦂ​ꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦤꦩ꧇​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧉​ꦩꦶꦭꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦮꦲꦸꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​꧇​ꦥꦫꦸꦁ​ꦒꦸ=ꦥ+ꦫꦸꦁ​ꦒꦸ꧉​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦫꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦧꦲꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦲꦤ꧀꧇​ꦫꦸꦔ꧀ꦒ꧀ꦮ꧈​ꦫꦸꦔ꧀ꦒꦾ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂ​ꦤꦶ​ꦮꦂ​ꦤꦶ꧈​ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦸꦭꦤꦩꦸꦁ​ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦤꦩ꧇​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ꦉꦁ​ꦒ꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦤꦩ꧇​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦠꦠꦤꦶꦁ​ꦥꦔꦽꦁ​ꦒ꧈​ꦠꦠꦤꦶꦁ​ꦥꦱꦿꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​꧇​ꦥꦔꦽꦁ​ꦒ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶ꧇​ꦥꦱꦿꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦤꦩꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧇​ꦥꦔꦽꦁ​ꦒꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦱꦿꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦶꦤꦁ​ꦏꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ꦠꦤ꧀ꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦔꦼꦭ꧀​ꦲꦸꦔꦼꦭꦤ꧀꧇​ꦏꦁ​ꦒꦼꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧇​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱꦶ꧇​ꦏꦁ​ꦒꦼꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠꦤ꧀​꧌ꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦚꦼꦫꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦗꦮꦶꦩꦮꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿꦗꦮꦶꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦥꦉꦥ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦏꦸꦩꦶꦱꦶꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦿꦶꦮꦼꦢꦫꦶꦏꦕ꧇꧑꧒꧇​ꦧꦧ꧀ꦼꦲꦢꦲꦢ꧇꧑꧇​꧍​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦏꦸꦭꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦏꦺꦔꦶꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁ​ꦒꦺꦤ [ 329 ]ꦩꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦠꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦤꦺꦭꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦗꦶ​ꦲꦗꦶꦤꦶꦁ​ꦩꦤꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦠꦏꦿꦩ꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦸꦭꦤꦩꦸꦁ​ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦠꦏꦿꦩꦧꦊꦗꦼꦢ꧀꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦂ​ꦩꦠꦶꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦮꦶꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦤꦮꦶꦧꦝꦺꦊꦉꦱ꧀ꦥꦔꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦝꦩꦁ​ꦱꦼꦱꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦸꦁ​ꦒꦃ​​ꦲꦸꦁ​ꦒꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦠꦏꦿꦩ꧉​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦠꦠꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧌ꦥꦛꦺꦴꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦚꦼꦫꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦩꦺꦴꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦮꦸꦭꦁ​ꦥꦫꦩꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈​ꦮꦾꦏꦫꦤ꧈​ꦒꦿꦩ꧀ꦩꦠꦶꦕꦱꦂ​ꦠꦥꦫꦩꦧꦱ꧍​ꦮꦼꦢꦭꦤ꧀ꦱꦸꦫꦏꦂ​ꦠꦤꦼꦫꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶ​ꦱꦩꦶꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦩꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦲꦸꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦸꦁ​ꦒꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦠꦏꦿꦩꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔꦸꦁ​ꦏꦸꦭꦶꦲꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧈​ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦮꦁ​ꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧉​

꧋ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦁ​ꦒꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦫꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦕꦼꦂ​ꦲꦚ꧀ꦕꦼꦫꦶꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦔꦁ​ꦒꦼꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦂ​ꦠꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦺꦤꦶ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦺꦤꦶꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀[꧇꧑꧇​]ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦮꦗꦶꦧ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦪ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦺꦤꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦛꦃ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦪ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦸꦲꦸꦂ​ꦭꦸꦲꦸꦂ​ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦗꦁ​ꦏꦼꦥ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦸꦲꦸꦂ​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦮꦼꦤꦁ​ꦱꦶꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ​ꦩꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶ꧉​ꦈꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦊꦭꦸꦫꦃ​꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦁ​ꦊꦭꦸꦫꦃ​ꦮꦲꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦔꦁ​ꦒꦼꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢ꧈​ꦱꦂ​ꦠꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦱꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦔꦁ​ꦒꦼꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦢꦼꦤꦼꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦂ​ꦠꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦼꦢꦃ​ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦔꦁ​ꦒꦼꦲꦏ꧀ꦱꦫꦲꦭꦶꦠ꧀꧉​ꦩꦤꦮꦶꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦩꦮꦁ​ꦩꦮꦁ​꧉​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦽꦭꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦗꦺꦤꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦭꦶꦩꦶ꧈​ꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦔꦁ​ꦒꦼꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢ꧉​ꦈꦥꦩꦶꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦠꦶꦪꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦂ​ꦩꦠꦶꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦂ​ꦠꦠꦩ꧀ꦥꦶꦱꦼꦫꦠ꧀꧈​ꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦗꦶꦧ꧀ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦔꦁ​ꦒꦼꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦛꦃ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥꦏꦸꦂ​ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦤꦩꦸꦁ​ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦸꦲꦸꦂ​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦭꦝ꧇​ꦏꦸꦭꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦄꦂ​ꦗꦢꦂ​ꦱꦤꦱꦏꦭꦶꦲꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦧꦼꦚ꧀ꦗꦶꦁ​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦉꦧꦺꦴꦥꦺꦴꦤ꧀ꦠꦁ​ꦒꦭ꧀꧇꧒꧇​ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦒꦝꦃ​ꦏꦗꦠ꧀ꦧꦝꦼꦚꦸꦤꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦸꦠꦿꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦱꦸꦢꦂ​ꦩꦶ꧉​

꧋ꦏꦸꦭꦠꦩ꧀ꦥꦶꦮꦼꦭꦶꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦩꦏꦁ​ꦩꦱ꧀ꦥꦠꦶꦃ​ꦥꦿꦗꦥꦸꦱꦫ꧈​ꦧꦼꦚ꧀ꦗꦶꦁ​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦲꦢ꧀ꦔꦗꦼꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦏꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦄꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦿꦗꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦼꦩꦁ​ꦒꦸꦁ​꧉

꧋ꦱꦉꦁ​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦸꦭꦶꦱꦶꦏꦶꦛꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦱꦸꦗꦤꦠꦩ꧀ꦥꦶꦥꦭꦥꦸꦂ​ꦫꦤꦶꦁ​ꦭꦸꦫꦃ​꧈​ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦢꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦂ​ꦠꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦏꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦮꦢꦤꦤꦶꦠꦶꦥꦸꦫ꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀꧇​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦥꦿꦗꦥꦸꦱꦫ꧇​ꦥꦠꦶꦃ​꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦤꦶꦠꦶꦥꦸꦫ꧇​ꦮꦢꦤ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦲꦂ​ꦢꦤ꧇​ꦏꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂ​꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦥꦿꦗꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚ꧇​ꦲꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦮꦢꦤ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦱꦸꦗꦤ꧇​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦸꦭꦶꦱꦶ꧉​ꦱꦉꦁ​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦧꦸꦥꦠꦶꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦩꦶꦔꦢꦼꦒ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦏꦸꦂ​ꦱꦶꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦲꦸꦂ​ꦩꦠ꧀꧉​

꧋ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦸꦭꦧꦧ꧀ꦥꦔꦁ​ꦒꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦩꦸꦂ​ꦢꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦠꦥꦿꦸꦁ​ꦒꦸ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦊꦉꦱ꧀ꦊꦥꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦪꦺꦴꦒꦶꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦏꦠꦼꦫꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦏꦸꦩꦶꦱꦶꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦿꦶꦮꦼꦢꦫꦶ꧉​

Tataprunggu[edit]

Pancènipun kirang mungguh kalawarti Kajawèn punika dipun isèni karangan bab tataprunggu, ananging kawuningana: wontên sadhèrèk guru kintun sêrat dhatêng rêdhaksi Bale Pustaka, gadhah panêdha supados rêdhaksi nêrangakên bab tataprunggu wontên ing Sri Poestaka, jalaran sadhèrèk guru wau botên ngrêtos ingkang dipun wastani tataprunggu, sampun rêmbagan kalihan kănca-kancanipun guru mêksa botên angsal damêl, măngka kêpêksa mulangakên. Ingkang punika rêdhaksi manah prêlu mituruti panêdhanipun sadhèrèk guru wau, ananging katimbang andharan bab tataprunggu punika kapacak wontên ing Sri Poestaka, aluwung wontên ing Kajawèn ngriki, awit Sri Poestaka, punika kalawarti basa Mlayu, dados bab tataprunggu wau dede mêsthinipun karêmbag wontên ing ngriku.

Sajatosipun ingkang pitakèn bab tataprunggu punika sampun kathah, ing sêrat kabar Sêdyatama inggih sampun nate wontên karangan ingkang nglairakên pitakèn bab makatên wau, ananging sasumêrêp kula dèrèng wontên wangsulan ingkang gumathok, bokmanawi kemawon sagêd dhatêng ingkang kajibah mangsuli, inggih punika kumisi bab kasusastran Jawi ing Srêwêdari. Ing sadèrèngipun wontên katêrangan saking kumisi kasusastran punika mêsthi kemawon tiyang-tiyang dèrèng sumêrêp patitis dhatêng bab tataprunggu wau, sagêdipun namung dugi-dugi awêwaton pamanggih ingkang kêlimrah ing sadèrèngipun wontên pêpathokan enggal bab kasusastran Jawi kados ingkang kadhawuhakên samangke punika. Dados pamanggih ing ngandhap punika dèrèng kenging dipun ugêmi lêrêsipun, namung lumayan kangge ambalabari ing sadèrèngipun wontên wangsulanipun ingkang wajib.

Nama: tataprunggu, punika ing sasumêrêp kula wontên ing tanah guprêmenan botên kêlimrah, jalaran Sêrat Paramasastra ingkang limrah kangge ugi botên nyêbutakên, mila botên anggumunakên manawi para guru kathah ingkang sami botên mangrêtos. Dados kintên-kintên ingkang nganggèkakên nama tataprunggu wau namung bangsaning Sêrat Paramasastra wêdalan tanah Kajawèn, bakunipun ing Surakarta. Wontên ing sêrat-sêrat utawi ing pangandikan, kula inggih dèrèng nate mrêgoki utawi mirêng bab têgêsing nama tataprunggu wau. Ing bausastra T. Roorda sarta K.F. Winter, nama: tataprunggu wau inggih botên wontên. Saking pamanggih kula piyambak, têgêsipun nama: tataprunggu, tataning rêrênggan, tataning pangrêngga, tataning pasrèn. Mênggah têrangipun makatên: tata = aturan, pranatan. Têmbung: prunggu = ing ngriku pakèwêd anggèn kula badhe nêgêsi, jalaran ing sasumêrêp kula, prunggu: punika namaning campuranipun têmbaga kalihan jasat sanès, sèng utawi timah, panunggilanipun ingkang kawastanan brons ing băngsa Walandi, warninipun inggih kados têmbaga. Ananging têgêsipun têmbung prunggu: ingkang makatên wau wontên ingkang nama: tataprunggu: botên sagêd mantuk. Mila saking pangintên kula, prunggu: wau mêsthinipun kêlanturing têmbung: parunggu = pa + runggu. Têmbung runggu: punika miturut Sêrat Bausastra sami kalihan: runggwa, runggya, têgêsipun warni-warni, saking pamanggih kula namung satunggal ingkang sagêd mantuk wontên ing nama: tataprunggu, inggih punika: rêngga. Dados kajênging nama: tataprunggu: punika kintên-kintên: tataning pangrêngga, tataning pasrèn, ananging: pangrêngga, utawi: pasrèn, ing nama punika bokmanawi kemawon ingkang dipun kajêngakên: pangrêngga utawi pasrèn ingkang minăngka pakurmatan. Tandhanipun ungêl-ungêlan: kangge wontên ing tataprunggu: dipun têgêsi: kangge pakurmatan (wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi sastra Jawi miturut putusan parêpatan kumisi kasusastran ing Sriwêdari kaca 12 bab X ada-ada 1):

Miturut sêrat wêwaton ingkang mêntas kula sêbutakên punika, aksara murda kengingipun kangge namung wontên ing tataprunggu, dados namung kangge pakurmatan. Sabên tiyang sampun ngrêtos ingkang dipun wastani pakurmatan, inggih punika pratăndha ingkang kangge nelakakên pangaji-ajining manah dhatêng tiyang sanès miturut tatakrama. Dados panganggenipun aksara murda miturut sêrat wêwaton wau, saking pamanggih kula namung manut watoning tatakrama balêjêd, pundi ingkang wajib dipun kurmati inggih kasêrat mawi aksara murda. Ingkang punika manawi badhe lêrês panganggenipun aksara murda, inggih kêdah dhamang sêsêrêpanipun dhatêng unggah-ungguhing tatakrama. Sêrat Tatasastra (pathokaning panyêrat saking pamoripun piwulang paramasastra, wyakarana, grammatica sarta paramabasa) wêdalan Surakarta nêrangakên, bilih tataprunggu punika sami-sami kalêbêt angèl piyambak pamathokipun, jalaran unggah-ungguhing tatakrama punika prasasat botên wontên andhêgipun, awit sanadyan priyantun ingkang sampun agêng inggih taksih wontên ingkang ngungkuli agêngipun malih, samantên ugi kosokwangsulipun, ingkang dipun wastani alit sagêd dados agêng jalaran wontên ingkang langkung alit malih.

Dados panganggenipun aksara murda miturut tataprunggu punika têrang botên gampil, ananging inggih kenging dipun ancêr-ancêri sawatawis makatên: ingkang wajib kasêrat ngangge aksara murda punika ingkang wajib angsal pakurmatan, kados ta: sêsêbutan sarta asmanipun ingkang wajib dipun ajèni. Ananging botên sadaya ingkang wajib dipun ajèni wau botên[1] mêsthi wajib angsal pakurmatan, jalaran manawi ingkang wajib dipun ajèni punika kathah, ingkang wajib angsal pakurmatan namung ingkang luhur-luhur kemawon, malah ingkang wajib angsal pakurmatan jangkêp namung satunggal ingkang luhur piyambak, manawi wênang sinêmbah inggih angsal sêmbah miyambaki. Upaminipun kintun sêrat dhatêng lêlurah, punika asmaning lêlurah wau wajib kasêrat ngangge aksara murda, sarta sêsêbutanipun, manawi sakintên pantês inggih kasêrat ngangge aksara murda ugi, dene sêsêbutan sarta namanipun piyambak kêdah kasêrat ngangge aksara alit. Manawi kintun sêrat dhatêng tiyang sangandhapipun, punika mawi mawang-mawang. Yèn ingkang dipun kintuni punika prêlu dipun ajèni utawi dipun taklimi, sêsêbutan utawi namanipun inggih pantês kasêrat ngangge aksara murda. Upami nyariyosakên tiyang wontên ing sêrat utawi karangan, manawi tiyang punika pantês dipun kurmati dhatêng ingkang kintun sarta tampi sêrat, sêsêbutan tuwin asmanipun ingkang kacariyosakên punika wajib kasêrat ngangge aksara murda. Ananging manawi ingkang kacariyosakên punika kathah, ingkang mêsthi angsal pakurmatan aksara murda namung satunggal ingkang luhur piyambak.

Tuladha: Kula ngaturi priksa dhatêng kangmas Mantri Arjadarsana sakalihan, bilih benjing dintên Rêbo Pon tanggal 2 wulan punika kula gadhah kajat badhe nyunatakên ingkang putra anak kula èstri pun gêndhuk Sudarmi.

Kula tampi wêlingipun ingkang rama kangmas Patih Praja Pusara, benjing dintên Ngahad ngajêng punika ingkang raka Radèn Mas Asistèn Prajasuwignya katimbalan dhatêng Têmanggung.

Sarêng mantri pulisi kitha Radèn Mas Sujana tampi palapuraning lurah, enggal-enggal dandos sarta sowan dhatêng ingkang raka Radèn Mas Wadana Nitipura.

Ingkang sowan ing kabupatèn pêpak: Radèn Prajapusara: patih, Radèn Mas Nitipura: wadana, Radèn Rêksaardana: kolèktur, Radèn Mas Prajasuwignya: asistèn wadana, Radèn Mas Sujana: mantri pulisi. Sarêng Kangjêng Bupati miyos saking dalêm, ingkang sami sowan lajêng sami ngadêg saking kursi ngaturi urmat.

Makatên pamanggih kula bab panganggenipun aksara murda miturut tataprunggu, ananging lêrês lêpatipun prayogi ngêntosi katêrangan saking kumisi kasusastran ing Sriwêdari.

[ 330 ]

꧋ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀꧈​ꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦗꦼꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦠꦸꦂ​​ꦝꦸꦩꦠꦼꦁ​ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦗꦗꦲꦤ꧀​꧌ꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦮ꦳ꦤ꧀ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦤꦶꦪꦼꦤ꧀꧍​ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦶꦁ​ꦏꦼꦥꦚ꧀ꦗꦔꦼꦤ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦲꦸꦏꦥꦕꦏꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦶꦤꦩꦸꦁ​ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦮꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​

꧋ꦏꦭꦠꦁ​ꦒꦭ꧀꧇꧔꧇​ꦩꦉꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦼꦁ​ꦏꦼꦂ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦏꦺꦴꦤ꧀ꦢꦸꦂ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦮꦲꦸꦔꦠꦸꦫꦶꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦮꦱꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦝꦠꦼꦁ​​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦗꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦤꦩꦸꦁ​ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦏꦼꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦼꦠꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦚꦼꦏꦥꦶꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦱꦧꦧ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦊꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦮꦂ​ꦤꦶꦮꦂ​ꦤꦶꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧉​ꦲꦼꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦩꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦲꦔꦸꦤꦶꦁ​ꦔꦤꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦲꦸꦒꦶꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦥꦫꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦥꦂ​ꦠꦶꦏꦸꦭꦶꦂ​꧉​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦼꦩꦸꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦱꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦏꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦠꦼꦝꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦠꦤꦃ​ꦠꦤꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶꦮꦲꦸ꧉​ꦥꦶꦠꦏꦼꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦩꦶꦭꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦩꦭꦶꦃ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦒꦸꦥꦼꦂ​ꦤꦸꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦕꦶꦃ​꧈​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦒꦸꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦝꦼꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦮꦺꦴꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦼꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦏꦠꦼꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦶꦕꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦩꦤꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁ​ꦲꦩꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦃ​ꦗꦮꦶꦭꦤ꧀ꦩꦢꦸꦫ꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦏ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦉꦤꦲꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦼꦤꦼꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦸꦤꦶꦔꦤꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦼꦩꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦏ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦉꦤꦲꦶꦁ​ꦥꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦸꦤꦶꦔꦤꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦼꦩꦼ​ [ 331 ]ꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦗꦶꦧꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦫꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦕꦶꦏꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦢꦩꦼꦭ꧀꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦒꦂ​ꦮꦤꦶꦁ​​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦧꦺꦭꦲꦶꦁ​ꦢꦩꦼꦭ꧀꧉​

꧋ꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦼꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂ​ꦗꦗꦲꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦒꦼꦂ​ꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦠꦶꦮꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦩꦤꦮꦶꦏꦩꦤꦃ​ꦥꦚ꧀ꦗꦁ​꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦼꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦒꦼꦂ​ꦫꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦲꦸꦩ꧀ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦲꦔꦩ꧀ꦧꦿꦲꦩ꧀ꦧꦿ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦥꦫꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦲꦥꦸꦭꦶꦱꦶꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦽꦒꦼꦩ꧀꧈​ꦱꦲꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦏꦺꦴꦤꦔꦤ꧀ꦱꦲꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦱꦶꦁ​ꦏꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃ​ꦥꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦮꦫꦶꦥꦫꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦧꦼꦧꦪꦧꦼꦧꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦔꦶꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦲꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦏꦸꦮꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦪꦮꦼꦮꦃ​꧉​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦒꦶꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ​ꦔꦤ꧀ꦱꦲꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤꦶꦁ​ꦱꦶꦠꦶꦱꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦠꦤ꧀ꦝꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦒꦼꦒꦼꦝꦸꦒ꧀ꦒꦶꦁ​ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦤꦩ꧇​ꦱꦶꦥꦠꦼꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤꦼꦗꦃ​ꦲꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩꦶꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦶꦱ꧀ꦠꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦤꦁ​ꦏꦲꦔꦸꦂ​ꦩꦠꦶꦮꦺꦴꦲꦶꦁ​ꦥꦔꦽꦏꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦥꦩꦉꦤ꧀ꦠꦃ​꧈​ꦲꦤꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦉꦉꦱꦃ​ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦏꦼꦢꦃ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦏꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦥꦫꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦏꦕꦼꦥꦼꦁ​ꦱꦲꦏꦱꦶꦁ​ꦏꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦏꦭꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦫꦺꦤ꧀ꦱꦶꦲꦶꦁ​ꦥꦺꦴꦂ​ꦝꦼꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦱꦩꦶꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦏꦠꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦧꦮꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦮꦁ​ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧈​ꦱꦲꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦂ​ꦭꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦧꦝꦼꦠꦸꦮꦸꦃ​ꦒꦼꦒꦼꦫꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦝꦮꦸꦃ​ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀꧈​ꦲꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦉꦱꦶꦝꦺꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦉꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦝꦠꦂ​꧈​ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦏꦂ​ꦱꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤꦼꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦱꦶꦠꦶꦧꦮꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦲꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦧꦒꦶꦪꦤꦶꦁ​ꦲꦥ꧀ꦝꦺꦭꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧌ꦲꦶꦁ​ꦱꦶꦭꦸꦁ​ꦏꦁ​꧍​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦏꦸꦭꦶꦤꦩꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ​ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ​꧈​ꦲꦸꦒꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦼꦁ​ꦒꦺꦤꦶꦲꦢꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦉꦱꦃ​꧉​

꧋ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦁ​ꦒꦼꦤꦤ꧀ꦥꦁ​ꦒꦼꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦏꦠꦿꦗꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦼꦒꦼꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦥꦝꦁ​꧈​ꦱꦺꦴꦭꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦱꦮꦃ​ꦭꦸꦤ꧀ꦠ꧈​ꦥꦺꦴꦂ​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦏꦥꦺꦊꦤ꧀꧈​ꦥꦝꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦁ​꧈​ꦥꦺꦴꦂ​ꦝꦼꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦥꦪꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴ꧈​ꦭꦸꦧꦸꦏ꧀ꦱꦶꦏꦥꦶꦁ​ꦭꦤ꧀ꦧꦲꦺꦴ꧈​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶꦠꦶꦃ​ꦲꦺꦴꦠꦺꦴꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦸꦤꦶꦁ​ꦔꦤꦶꦲꦸꦤ꧀ꦠꦧ꧀ꦧꦶꦁ​ꦥꦫꦏꦮꦸꦭ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦛ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦂ​ꦱꦲꦩꦶꦒꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋꧌ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧍​​​​

Wawasan Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral, Bab Kawontênanipun ing Tanah Sumatrah Sisih Kilèn[edit]

Ing ngandhap punika sêrat wawasan dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral ingkang katur dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana ministêr jajahan (Minister van kolonien) ing nagari Walandi. Ing sarèhning kêpanjangên upami sêrat wau kapacaka sadaya, amila ing ngriki namung mêndhêt wosipun kemawon, mênggah suraosipun kirang langkung makatên:

Kala tanggal 4 Marêt ingkang kapêngkêr punika, ingkang wicaksana kondur saking anggènipun têdhak saking Sumatrah, amila inggih sampun dados pantêsipun, bilih ingkang wicaksana wau ngaturi angsal-angsalan dalêm wawasan kawontênanipun ing ngrika dhatêng ingkang wicaksana ministêr jajahan, ananging sarèhning tindak dalêm wau namung sawatawis dintên kemawon, têmtunipun inggih botên sagêd ngaturi kêtrangan-kêtrangan ingkang nyêkapi yêktos, mênggah sabab-sababipun ingkang anuwuhakên lêlampahan warni-warni ing tanah Sumatrah sisih kilèn. Ewasamantên katrangan-katrangan dalêm wau kenging kawastanan maton, amargi katrangan-katrangan wau sadaya, kajawi ingkang wicaksana anguningani piyambak, ugi angsal katrangan-katrangan saking para pangagêng ing ngrika, para opsir-opsir lan para partikulir. Tindak dalêm dhatêng Sumatrah punika botên ngêmungakên anjêmbarakên sêsêrêpan dalêm, nanging lajêng nuwuhakên pitakenan, punapa têdhak dalêm punika wontên gunanipun tumrap tanah-tanah ingkang dipun têdhaki wau. Pitakenan ingkang makatên wau, tumrap ing samangke mila dèrèng sagêd kasumêrêpan ing sanès, ananging miturut pangandikanipun para pangagêng ing ngrika, langkung malih miturut pangandikanipun paduka tuwan gupêrnur ing Ngacih, kintên-kintên mila inggih agêng gunanipun. Ing têmbe têmtu inggih badhe kasumêrêpan mênggah wohipun tindak dalêm wau. Ewasamantên samangke sampun kenging katêmtokakên, bilih tindak dalêm wau sagêd angicalakên pamanahing tiyang, bilih pamarentah punika namung amanggalih dhatêng kawontênanipun tanah Jawi lan Madura.

Ingkang wicaksana saklangkung rêna ing panggalih dalêm, dene kalanipun tindak wau sagêd anguningani, bilih para amtênar-amtênar pangrèh praja sami tumêmên anggènipun nindakakên kuwajibanipun, makatên ugi para opsir-opsir sami katingal cikat ing damêl. Kajawi punika ingkang wicaksana tansah angalêmbana dhatêng para garwaning amtênar-amtênar lan opsir-opsir ingkang tansah bela ing damêl.

Kala rumiyin ingkang wicaksana sampun nate ngaturi uninga dhatêng ingkang wicaksana ministêr jajahan, bilih kawontênanipun ing Sumatrah sisih kilèn têntrêm. Sanadyan kala wontên gegeran wontên ingkang sami tiwas, ananging manawi kamanah panjang, kados inggih wontên saenipun, jalaran tuwuhipun gegeran wau, dèrèng ngantos kaum komunis angămbra-ămbra. Ingkang makatên wau para pangrèh praja saha pulisi enggal sagêd angrêgêm, saha têtiyang ingkang pancèn adamêl rêrêsah sagêd enggal konangan saha sagêd kasingkirakên saking ngriku. Punapa malih panindakipun para amtênar wau, sagêd angluwari para têtiyang ingkang têntrêm manahipun saking bêbaya-bêbaya ingkang andhatêngi wau, saha kapitadosaning dhatêng kakuwaosanipun pamarentah taksih ajêg lan saya wêwah. Amargi ing ngriku anyumêrêpi, bilih pamarentah sagêd anjagi kawilujêngan saha katêntrêmaning siti satêtiyangipun. Tăndha-yêktinipun, kala gêgêdhuging komunis nama: Si Pate sampun pinêjahan, têtiyang ing ngriku sami adamêl pista agêng-agêngan, minăngka angurmati wohing pangrekadayaning pamarentah, anumpês rêrêsah wau. Ananging panjaginipun dumugining samangke kêdah tansah kalajêngakên. Para têtiyang ingkang sumêdya adamêl rêrêsah kêdah kacêpêng saha kasingkirakên saking ngriku. Kala dipun wontênakên konpêrènsi ing Pordhêkok, para pangagêng-pangagêng golongan pangrèh praja sami ngaturi katrangan, bilih kawontênanipun satunggal-satunggaling tanah bawahipun sami wangsul têntrêm malih, saha botên pêrlu dipun kuwatosakên, bilih ing têmbe badhe tuwuh gegeran malih. Mênggah katrangan-katrangan ingkang makatên wau, miturut dhawuh dalêm ingkang wicaksana mila inggih kenging dipun pitados, namung wontên satunggal, asistèn residhèn, inggih punika asistèn residhèn ing Tanah Dhatar, Paduka Tuwan Karsen ingkang dèrèng sagêd anêmtokakên, punapa ing têmbe siti bawahipun sagêd têntrêm salaminipun. Katrangan ingkang makatên wau mila inggih wontên lêrêsipun, manawi angèngêti, bilih ing sabagiyaning apdhèling ngriku (ing Silungkang) têtiyangipun, kajawi kulina manggènipun tansah pindhah-pindhah, ugi taksih kêncêng anggènippun ngênggèni adatipun piyambak, kajawi punika têtiyang wau sami tumut-tumut adamêl rêrêsah.

Mênggah tumrap ingkang wicaksana piyambak, sanajan tindak dalêm wau miyos panggenan-panggenan ingkang mêntas katrajang ing gegeran, inggih punika ing Padhang, Solok, Sawahlunta, Porpantêkapèlên, Padhang Panjang, Pordhêkok, Payakombo, Lubuk Sikaping Lanbao, kanthi nitih oto kemawon, ewasamantên botên sagêd anguningani untabing para kawula. Ananging ingkang wicaksana jalaran sabab ingkang sampun cêtha, botên kêrsa amigatosakên.

(Badhe kasambêtan)

[ 332 ]
꧋ꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀

꧋ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦏꦸꦭꦒꦝꦃ​ꦤꦶꦪꦠ꧀ꦧꦝꦼꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦭꦁ​ꦒꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦼꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦉꦝꦏ꧀ꦠꦸꦂ​꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦏꦢꦸꦩꦸꦒꦺꦤ꧀꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦶꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦧꦸꦢꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦫꦶꦏꦸꦃ​꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦭꦶꦃ​ꦥꦔꦁ​ꦒꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦸꦥꦶꦫꦸꦥꦶ꧈​ꦭ꧇​ꦱꦮꦁ​ꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦝꦱꦂ​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦢꦼꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧈​ꦠꦸꦩꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦏꦫꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦭꦸꦤ꧀ꦢꦸꦁ​ꦕꦼꦛꦠꦸꦂ​ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦩꦔꦼꦂ​ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦢꦭꦱꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦕꦼꦁ​ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦔꦽꦱꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦫꦺꦃ​ꦤꦼꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦶꦏꦝꦸꦁ​꧈​ꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦭꦏꦼꦢꦃ​ꦩꦼꦂ​ꦱꦗꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦧꦼꦠꦃ​ꦲꦤ꧀ꦏꦸꦭꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦒꦼꦢꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦁ​ꦒꦸꦏꦥꦶꦁ​ꦏꦭꦶꦃ​ꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦥꦶꦁ​ꦠꦶꦒ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦏꦂ​ꦱꦥꦫꦶꦁ​ꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦸꦩꦼꦭꦏꦸꦭꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦩꦒꦒꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦭꦸꦒꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦥꦔꦪꦺꦴꦩꦤ꧀ꦏꦭꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂ​ꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦏꦂ​ꦱꦱꦸꦢꦶꦔꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧉​ꦱꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦏꦫꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦸꦩꦢꦏ꧀ꦱꦩꦶꦒꦝꦃ​ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦶꦁ​ꦥꦶꦠꦼꦢꦃ​ꦤꦼꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦕꦸꦥꦼꦠ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦸꦭ꧈​ꦥꦔꦊꦩ꧀ꦏꦸꦭꦠꦤ꧀ꦥꦲꦸꦥꦩꦶ꧈​ꦝꦱꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦿꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦩꦁ​ꦏꦢꦼꦢꦸꦤꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦉꦢꦺꦤ꧀꧈​ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦗꦮꦶꦠꦸꦭꦺꦤ꧀꧌ꦱꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧍​ꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦭꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦿꦠ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦃ​ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦫꦺꦁ​ꦭꦤ꧀ꦥꦼꦠꦿꦸꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦧꦝꦼꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦲꦼꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦼꦤꦼꦥꦚ꧀ꦗꦶꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦠꦼꦏꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦏꦼꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧉​ꦝꦱꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦶꦏꦥꦼꦚ꧀ꦕꦸꦠ꧀꧈​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ​꧈​ꦠꦩ꧀ꦧꦃ​ꦏꦸꦭꦝꦼꦭꦶꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦱꦶꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦸꦏꦸꦂ​ꦏꦸꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦥꦔꦸꦤꦼꦒ꧀ꦲꦸꦤꦼꦒ꧀ꦒꦶꦁ​ꦥꦶꦏꦶꦂ​ꦏꦸꦭ꧉​ꦩꦶꦭꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦢꦽꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦩꦤꦃ​꧈​ꦏꦸꦭꦭꦗꦼꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤꦧꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦭꦁ​ꦒꦤꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦱꦩꦶꦏꦂ​ꦱ꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦉꦒꦶꦤꦶꦁ​ꦏ꧀ꦮꦂ​ꦠꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦝꦼꦏꦲꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦢꦸꦏꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦉꦧꦃ​ꦏꦸꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦽꦕꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦸꦕꦶꦤꦶꦁ​ꦥꦼꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦭꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦕꦸꦮꦤꦶꦁ​ꦥꦫꦭꦁ​ꦒꦤꦤ꧀꧉​

꧋ꦏꦸꦭꦭꦁ​ꦒꦤ꧀ꦤꦤ꧀ 342 ꦠꦸꦫꦺꦤ꧀꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀꧉​ꦯꦱꦿꦱꦺꦮꦪ꧉​


꧋ꦉꦝꦏ꧀ꦱꦶꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦔꦃ​ꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦩꦿꦠꦤ꧀ꦝꦤꦶꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦏꦉꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦶꦒꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦉꦝꦏ꧀ꦱꦶꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦧꦧ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦥꦶꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦲꦠꦸꦫꦶꦚꦧꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀꧉​ꦢꦼꦤꦼꦧꦧ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦕꦕꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀꧇꧒꧐꧇​꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦏꦕꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦒꦶꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦩꦉꦩ꧀ꦩꦶꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦶꦭꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦩꦶꦁ​ꦒꦸꦧꦝꦼꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁ​ꦏꦭꦶꦃ​꧈​ꦫꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦏꦺꦮꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

Red. Kadjawèn.

Panyuwunan[edit]

Sampun watawis lami kula gadhah niyat badhe nyuwun dhatêng para langganan Kêjawèn, punapa malih dhatêng panjênênganipun paduka rêdhaktur, ananging dèrèng kadumugèn. Sampun wataking tiyang ingkang kirang ing budi, punika tansah anggadhahi rikuh, utawi malih panganggêp ingkang rupi-rupi, la: sawangsulipun para sagêd dhasar taksih dêdalêm ing Surakarta, tumanduking karanganipun dumalundung cêtha tur gampil mangêrtos, dalasan têtêmbunganipun acengkok angrêsêpakên.

Ing rèhne kula punika sampun nami kadhung, ngaturi priksa panyuwunan, dados kula kêdah mêrsajakakên ingkang dados kabêtahan kula wau, inggih punika sêrat Kajawèn, sagêda kawêdalakên saminggu kaping kalih utawi kaping tiga. Ingkang makatên wau mugi para maos sami karsa paring pangaksama, awit sumêla kula kados gumagagah inggih botên, namung kemawon sagêda mindhak rêmên malih. Mênggah lugunipun kula sampun rumaos angsal pangayoman kalunturaning para sagêd ingkang sami karsa sudi ngarang ing Kajawèn. Sabab ing sadayaning karangan, sadumadak sami gadhah suraos paring pitêdah nênuntun dhatêng para maos ingkang cupêt kawruhipun, punapa malih dhatêng kula, pangalêm kula tanpa upami, dhasaripun kula punika trahing alit, măngka dêdunung ing parêdèn, jêbul manggih Jawi tulèn (Surakarta) gênging panuwun kula tansah ambal-ambalan. Ing Kajawèn rumiyin sampun kawrat bantahanipun Garèng lan Petruk, inggih punika Kajawèn badhe kadamêl sae kadosdene Panji Pustaka, nanging têka watawis lami dèrèng kêdadosan. Dhasaripun kula punika nami kapencut, sanadyan wontên ingkang ngêndikakakên kadospundi, kula inggih botên mundur, tambah kula dhêlikakên isin kula, sukur kula sagêd katampèn pangunêg-unêging pikir kula. Mila saking adrênging manah, kula lajêng gadhah panyuwunan, ingkang supados tumuntên kinabulakên. Saupami panjênênganipun para langganan sampun sarujuk sami karsa, namung kemawon rêgining kwartal inggih badhe kaindhakakên, nanging ingkang punika gumantung dhatêng paduka pangagênging Kajawèn, sanadyan karebah kula inggih prêcados lan putus akanthi sucining pênggalih, utawi malih botên damêl cuwaning para langganan.

Kula langganan 342 Turèn. Radèn Sasrasewaya.

Rêdhaksi Kajawèn rumaos bingah nampèni sêrat panjênêngan ingkang suraosipun kados ing nginggil punika, amratandhani bilih panjênêngan karênan tuwin migatosakên dhatêng suraosing Kajawèn, mila rêdhaksi ngaturakên gênging panuwun.

Bab santuning tapihipun Kajawèn, punika kula aturi nyabarakên, kados tumuntên kalampahan. Dene bab indhaking wêdalipun Kajawèn, sanadyan dèrèng kalampahan, nanging ing sapunika cacahing kacanipun sampun kaindhakan dados 20, bokmanawi indhaking kaca wau sampun ragi damêl pamarêming galih. Mila saupami sapunika ing dalêm saminggu badhe kawêdalakên kaping kalih, ragi wontên pakèwêdipun.

Red. Kajawèn.

[ 333 ]
꧋ꦥꦉꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦢꦾꦩꦸꦭꦾ

꧋ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧉​ꦮ꧀ꦢꦁ​ꦏ 20꧉​

꧋ꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦏꦸꦱꦸꦩꦲꦸꦠꦪ꧈​ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦫꦢ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦽꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦸꦮꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

This page contains an image which should be extracted and uploaded to Commons (if it is free in the country of origin) or to Wikisource (if it is free only in USA).

꧋ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤꦩ꧀ꦥꦶꦤꦶꦁ​ꦥꦫꦠꦩꦸꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦫꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦺꦴꦁ​ꦒꦿꦺꦱ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂ​ꦫꦢ꧀ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧꦠꦮꦶ꧉​​​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦈꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦥꦤꦭꦶꦠꦶꦈꦒꦶꦄꦩꦶꦒꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦮꦺꦴꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦠꦶꦏꦿꦗꦤ꧀꧈​ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦄꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦠꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦺꦱꦲꦥꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦄꦭꦸꦱ꧀꧉​ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦠꦤꦶꦱꦶꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩꦶ꧉​ꦩꦁ​ꦒꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦈꦥꦩꦶꦱꦶꦠꦶꦒꦝꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦧꦿꦶꦏ꧀꧈​ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦁ​ꦱꦥꦕꦼꦏ꧀ꦭꦶꦏ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩꦶꦈꦗꦸꦒ꧀ꦈꦗꦸꦒ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦕꦧꦸꦠ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦄꦱꦿꦶꦁ​ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦆꦁ​ꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦒꦼꦒꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦎꦂ​ꦝꦺꦴꦤꦤ꧀ꦱꦶꦤꦶꦁ​ꦒꦼꦩꦶꦤ꧀ꦠꦼꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦦꦉꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦥꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦫꦶꦃ​ꦄꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦣꦺꦤꦺꦩꦤꦮꦶꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦆꦁ​ꦄꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦈꦠꦮꦶꦆꦁ​ꦏꦮꦼꦢꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧉​ꦖꦫꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦈꦒꦶꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦧꦝꦺꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦑꦭꦆꦁ​ꦏꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦶꦁ​ꦤꦼ [ 334 ]ꦩ꧀ꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭꦤ꧀ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦶꦁ​ꦥꦶꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦸꦥꦏꦠ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦂ​ꦱꦤꦶꦁ​ꦏꦥꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦝꦺꦄꦚꦸꦒꦶꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁ​ꦆꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦯꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭꦤ꧀ꦆꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦶꦁ​꧇꧗꧇​ꦆꦁ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦶꦱꦶꦱꦼꦠꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ​ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦱꦼꦱꦿꦮꦸꦔꦤ꧀ꦤꦺꦏꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦁ​ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀꧉​

꧋ꦥꦫꦠꦩꦸꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦫꦮꦸꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦺꦴꦁ​ꦒꦿꦺꦱ꧀ꦱꦩꦶꦝꦲꦂ​ꦥꦱꦸꦒꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​

꧋ꦥꦸꦁ​ꦏꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦏꦸꦱꦸꦩꦲꦸꦠꦪ꧈​ꦲꦔꦠꦸꦫꦶꦠꦼꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ​ꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦭꦏꦲꦶꦕꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦗꦮꦶꦭꦗꦼꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦭꦸꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦢꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦱ꧀ꦭꦶꦱꦏꦶꦁ​ꦠꦤꦃ​ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ​꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦮꦸꦱꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦫꦸꦩꦒꦁ​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦔꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦫꦏꦾꦠ꧀ꦩꦶꦭꦊꦥꦠ꧀꧉​

꧋ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦲꦠꦸꦂ​ꦫꦤ꧀ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃ​ꦏꦗꦼꦁ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦲꦂ​ꦪꦯꦱꦿꦲꦢꦶꦮꦶꦗꦪ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁ​ꦢꦼꦩꦏ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦏꦮꦶꦠ꧀ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦁ​ꦏꦠ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦭꦶꦃ​ꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦮꦲꦸꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦈꦠꦸꦱꦤ꧀ꦥꦤꦭꦶꦠꦶ꧌ꦲꦼꦔꦸꦮꦼꦠꦼ꧍​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦿꦗꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦧꦼꦱꦼꦭ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦉꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦼꦢꦸꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦥꦿꦶꦏꦶꦭꦗꦼꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧉​ꦱꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦕꦛꦼꦠꦚ꧀ꦕꦼꦛꦼꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦥꦔꦱꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦏꦥꦼꦕꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦼꦤꦼꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦶꦏꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦮꦶꦱ꧀ꦲꦮꦶꦱ꧀꧉​

꧋ꦱꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦤꦼꦫꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦕꦫꦕꦫꦢꦶꦥꦸꦤ꧀[꧇꧒꧇​]ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦸꦁ​ꦒꦮꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦮꦶꦱ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦁ​ꦒꦮꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​​ [ 335 ]ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪꦥꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦭꦶꦩꦿꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦶꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁ​꧉​ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃ​꧉​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦊꦉꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦤꦶꦠꦼꦠꦶꦩ꧀ꦧꦔꦤ꧀ꦮꦂ​ꦤꦶꦮꦂ​ꦤꦶ꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦸꦭꦶꦏꦸꦭꦶꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦁ​ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦲꦶꦮꦮꦼꦤꦁ​ꦩꦶꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦏꦏꦶꦪꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦏꦶꦪꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦔꦼꦩꦸꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦥꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦲꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦔꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦏꦲꦁ​ꦒꦼꦥ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦒꦸꦤꦏꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦁ​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦁ​ꦏꦼꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦲꦼ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦼꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦼꦩꦭꦶꦃ​꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦿꦤꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦿꦺꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦮꦲꦶ꧉​ꦱꦪꦢꦔꦸꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦽꦤ꧀ꦠꦃ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦉꦏꦢꦪꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀꧈​ꦱꦠꦼꦩꦃ​ꦔꦢꦼꦒꦶꦁ​ꦥꦿꦶꦧꦢꦶꦲꦶꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦪꦢꦔꦸꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦪꦲꦶꦕꦭ꧀꧉​ꦲꦩꦶꦭꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦕꦫꦩꦺꦴꦝꦺꦭ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦥꦼꦂ​ꦭꦸꦱꦔꦼꦠ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦥꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦏꦊꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦧꦝꦼꦏꦥꦶꦭꦶꦃ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦱꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦩꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦚꦼꦏꦥ꧀ꦥꦶꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦭꦸꦫꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦔꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦼꦤꦶꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦢꦼꦤꦼꦭꦸꦫꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦽꦭꦸꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦶꦠꦸꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦽꦭꦸꦱꦔꦼꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦫꦢ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁ​ꦩꦤꦮꦶꦧꦝꦼꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦮꦶꦒꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦫꦢ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦥꦸꦁ​ꦏꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁ​ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁ​ꦥꦼꦂ​ꦭꦸ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦤꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤꦫꦶꦏ꧀ꦥꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦸꦒꦶꦏꦮꦼꦤꦁ​ꦤꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧉​

꧋ꦱꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃ​꧇​ꦩꦱ꧀ꦩꦸꦲꦩꦢ꧀ꦱꦸꦢꦶꦪꦤ꧈​ꦮꦢꦤꦲꦶꦁ​ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦶꦂ​ꦱꦼꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦩꦶꦤꦁ​ꦏꦮꦼꦮꦏꦶꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦱꦶꦤꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦶꦂ​ꦱꦼꦏꦸꦭ꧀꧉​ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦤꦼꦫꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦥꦶꦮꦸꦭꦁ​ꦩꦺꦴꦝꦺꦭ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦧꦧ꧀ꦥꦥꦿꦺꦤ꧀ꦠꦃ​ꦲꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦸꦩꦱꦸꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦊꦧꦼꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦩꦁ​ꦏꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦥꦝꦸꦱꦸꦤꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤꦁ​ꦒꦸꦭꦁ​ꦔꦶꦏꦩꦗꦼꦁ​ꦔꦤ꧀ꦕꦫꦩꦺꦴꦝꦺꦭ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦠꦼꦩꦃ​ꦮꦺꦴꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦺ꧉​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦩꦮꦂ​ꦤꦶꦮꦂ​ꦤꦶ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦥꦱꦿꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧉​ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦛꦃ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋꧌ꦧꦝꦺ​ꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀꧍​

Parêpatan Pakêmpalan Sêdyamulya[edit]

Candhakipun Kajawèn ăngka 20.

Anglajêngakên sêsorahipun Kangjêng Radèn Mas Adipati Arya Kusumahutaya, juru sabda angandikakakên, bilih rad dhusun punika manawi sampun kawontênakên, katêtêpanipun lurah dhusun botên kok lajêng kanthi pilihan kados samangke punika, ananging kêdah katêtêpakên saking nginggil, prêlunipun lurah dhusun sagêda nindakakên panguwasanipun punapa mêsthinipun.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun panampining para tamu ingkang sami rawuh ing konggrès pakêmpalaning para bupati ing kantor rad kabupatèn ing Batawi.

Miturut utusan panaliti ugi amigatosakên, mênggah wohipun pranatan wontênipun siti krajan, ingkang anjalari tuwuhing pranatan-pranatan ingkang botên sae saha prentah alus. Asring kemawon kalampahan, wontên tiyang tani sitinipun kacabut, ingkang kala punika dèrèng dipun tanêmi. Măngga dipun panggalih kemawon, upami siti gadhahaning pabrik, wêkdalipun măngsa pacêklik, botên dipun tanêmi ujug-ujug lajêng kacabut kemawon. Ingkang makatên wau asring sok katindakakên wontên ing padhusunan kanthi gêgandhulan, ordhonansining gêmintê dhusun. Parêpatan dhusun lajêng kaprentah kemawon, murih adamêl putusan ingkang makatên wau. Dene manawi makatên wau botên dipun turut, lajêng têtiyangipun sakêdhap-sakêdhap tansah katimbalan wontên ing asistenan utawi ing kawêdanan. Cara ingkang makatên wau ugi katindakakên kala badhe ngawontênakên lumbung dhusun. Kala ing kadhistrikan dipun wontênakên kêmpalan ingkang kaping nêm angrêmbag bab punika, sampun kathah têtiyang ingkang lajêng manut kemawon, sarêng dipun wontênakên kêmpalan ingkang kaping pitunipun, sadaya têtiyang dhusun sami mupakat kalihan karsaning kapalanipun dhistrik, bilih lumbung punika badhe anyugihakên sadaya tiyang ing dhusun. Sasampunipun wontên kêmpalan ingkang kaping 7 ing kondhisi sêtatipun priyantun wau lajêng kasêrat makatên: pintêr bangêt sêsrawungane karo wong cilik.

[Grafik]

Para tamu ingkang sami rawuh ing konggrès sami dhahar pasugatan.

Pungkasaning sêsorahipun Kangjêng Radèn Mas Adipati Arya Kusumahutaya, angaturi têtimbangan, mugi-mugi pranatan ingkang makatên wau enggala kaicalakên, bokmanawi ing têmbe têtiyang Jawi lajêng botên patos kèlu sangêt-sangêt dhatêng sadaya ingkang asli saking tanah Eropah, ananging wusananipun lajêng sagêd rumagang piyambak. Pranatan ingkang samangke punika tumrap angajêngakên rakyat mila lêpat.

Sasampunipun rampung, ingkang lajêng kaaturan sêsorah Kangjêng Radèn Tumênggung Arya Sasra Adiwijaya, ingkang bupati ing Dêmak. Ing sakawit juru sabda angandikakakên bab wajib lan pangkat lurah dhusun, utawi malih katêtêpanipun lurah punika turun-miturun, sadaya wau miturut sêrat utusan panaliti (enguete) ing ngriku juru sabda angandikakakên, bilih pangrèh praja botên pisan-pisan andayani dhatêng pilihanipun lurah dhusun, ing ngriku inggih lêrês sok asring wontên tumindak bêsêl, ananging sarêng wontên dêduka ingkang sandi, ingkang makatên wau sapriki lajêng botên tumindak malih. Salajêngipun juru sabda lajêng angandikakakên miturut cathêtan-cêthêtanipun, mênggah pangasilanipun lurah dhusun. Ing ngriku kacariyosakên, bilih kêrêp sangêt kalampahan wontên lurah kapêcat saking padamêlanipun, dene ingkang nyuwun kèndêl saking pikajêngipun piyambak, punika awis-awis.

Salajêngipun juru sabda lajêng anêrangakên, kadospundi cara-caradipun[2] kêmpalan dhusun, kanthi ngandikakakên, bilih punggawa pangrèh padhusunan punika awis sangêt anggènipun kèndêl saking padamêlanipun. Sajatosipun punggawa pangrèh padhusunan punika kenging kawastanan pambantunipun lurah dhusun, utawi ingkang sami nindakakên sadaya putusaning pakêmpalan dhusun. Limrahipun manawi kalêrês dipun wontêni pakêmpalan dhusun, kathah ingkang sami dhatêng. Pranatan-pranatan sanèsipun, dhusun bakunipun botên gadhah. Inggih lêrês, bilih ing padhusunan sok asring wontên satunggiling golonganing têtiyang sêpuh, ingkang asring dipun têdhani têtimbangan warni-warni. Makatên ugi juru sabda angandikakakên, bilih kawontênan golongan-golongan ing dhusun punika sok andayani dhatêng pakêmpalan dhusun, amargi ing ngriku namung kuli-kuli kêncêng kemawon, ingkang anggadhahi wawênang milih. Mênggah kakiyatanipun dhusun punika, miturut pangandikanipun juru sabda, botên kanthi pirantos kakiyatan, ananging ngêmungakên kanthi pangrêmbag kemawon. Makatên ugi haking dhusun bab pangadilan, sanadyan taksih kaanggêp, ananging samangke sampun botên dipun pigunakakên malih. Miturut pangandikanipun juru sabda, dumugining dintên samangke kuwajibanipun dhusun sagêd dipun tindakakên kanthi sae, ananging ing têmbe têmtu botên sae malih, manawi pranatanipun pangrèh dhusun botên lajêng dipun ewahi. Saya dangu kuwajibanipun lurah dhusun punika, namung miturut prentah saking nginggil, tumrap pados rekadaya piyambak prasasat botên sagêd, satêmah ngadêging pribadi ing dhusun-dhusun saya dangu lajêng saya ical. Amila pranatan cara modhèl enggal pêrlu sangêt nuntên katindakakên. Mênggah pilihanipun lurah dhusun mugi kalêstantunakên, ananging ingkang kêdah badhe kapilih dados lurah punika, ing sadèrèngipun kêdah amilih tiyang ingkang anyêkapi sayêktos, jalaran lurah dhusun punika inggih kêdah tiyang ingkang kenging dipun pitados dening dhusunipun. Dene lurah ingkang prêlu katêtêpakên saking nginggil punika, namung tumrap ing sawênèhing dhusun kemawon. Mênggah wontênipun pakêmpalan dhusun punika sajatosipun asring adamêl pitunanipun têtiyang dhusun, amila inggih prêlu sangêt lajêng enggal dipun wontênakên rad dhusun. Wontênipun pakêmpalan dhusun, namung manawi badhe angrêmbag prakawis-prakawis ingkang wigatos kemawon, dados ing ngriku pakêmpalan dhusun ingkang adamêl pranatan, lan rad dhusun ingkang anindakakên.

Pungkasaning sêsorahipun, juru sabda animbang pêrlu, bilih dhusun punika dipun wênangakên anarik paos, ananging ugi kawênangna adamêl pranatan ukuman.

Salajêngipun ingkang sêsorah: Mas Muhamad Sudiyana, wadana ing bêstir sêkul, minăngka wêwakilipun para amtênar ingkang sami sinau wontên ing bêstir sêkul. Juru sabda anêrangakên, bilih piwulang modhèl enggal punika, bab kawontênan padhusunan, kados ta bab paprentahan utawi pranatan sanès-sanèsipun, rumasuk ngantos lêbêt sangêt. Ing măngka padhusunan-padhusunan botên sagêd ananggulangi kamajêngan cara modhèl enggal wau, satêmah wohipun tamtu inggih lajêng botên sae. Jalaran lajêng ngawontênakên pranatan mawarni-warni, ingkang nuntên kapasrahakên dhatêng têtiyangipun dhusun. Padamêlan sêrat-sêratan lajêng mindhak kathah, ingkang makatên punika dhusun inggih botên sagêd nindakakên.

(Badhe kasambêt)

[ 336 ]
꧋ꦗꦒꦢ꧀ꦢꦶꦁ​ꦮꦤꦶꦠ

꧋ꦏꦒꦭꦶꦃ​ꦲꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀꧉​

꧋ꦩꦺꦃ​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦥꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃ​ꦲꦤꦏ꧀꧉​ꦱꦏꦶꦁ​ꦏꦸꦩꦼꦢꦃ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ​ꦭꦫꦺ꧈​ꦠꦂ​ꦏꦝꦁ​ꦫꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦭꦸꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦔꦶꦲꦚꦼꦚꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦔꦼꦔꦶꦫꦁ​ꦔꦶ꧈​ꦩꦿꦶꦏꦩꦿꦶꦏꦶꦲꦩꦼꦂ​ꦝꦸꦏꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦩꦤꦮꦶꦩꦶꦉꦁ​ꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦠꦶꦱꦥꦱꦶꦁ​ꦔꦺꦴꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉​ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦥꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃ​ꦲꦤꦏ꧀꧉​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦮꦁ​ꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦲꦒꦼꦁ​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦧꦼꦒ꧀ꦗꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦥꦶꦤꦫꦶꦔꦤ꧀ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦔꦤ꧀꧉​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦺꦧꦼꦒ꧀ꦗꦮꦲꦸꦲꦔ꧀ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦔꦶ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦏꦼꦢꦃ​ꦏꦗꦒꦶꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦧꦼꦒ꧀ꦗꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢꦠꦸꦭꦸꦱ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦂ​ꦤ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦃ​꧈​ꦭꦗꦼꦁ​ꦥꦚꦼꦥꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦭꦫꦺ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀꧈​ꦩ꧀ꦭꦺꦱꦺꦢ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦲꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦕꦶꦭꦏꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​꧉​

꧋ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱꦿꦃ​ꦲꦶꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ​​​

1. ​​ꦩꦤꦮꦶ​ꦭꦫꦺ​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​​ꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​​ꦧꦥ​ꦧꦶꦪꦸꦁ​꧉​​

2. ​ꦩꦤꦮꦶꦭꦫꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤꦲꦸ꧈​ꦒꦸꦫꦸ꧉​

꧋ꦧꦒꦺꦪꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩꦼꦂ​ 1​ ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​꧉​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦸꦭꦮꦼꦤ꧀ꦛꦃ​ꦲꦤꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ꦃ​ꦔ꧀ꦒꦸꦭꦮꦼꦤ꧀ꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦲꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦭꦫꦺ꧈​ꦱꦫꦤꦚꦩ꧀ꦥꦸꦂ​ꦤꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦲꦺ꧈​ꦲꦚꦶꦂ​ꦤꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦪꦸꦔꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦲꦸꦢꦶꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦥꦽꦭꦸꦧꦧ꧀ꦏꦱꦫꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁ​ꦧꦢꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦮꦼꦝꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦥꦏꦂ​ꦪꦤꦶꦁ​ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦏꦼꦠꦮꦶꦱ꧀꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧌ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀꧍​ꦕꦼꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦲꦚꦶꦁ​ꦏꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦝꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦭ꧀ꦲ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦏꦛꦃ​ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ​ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦥ꧉​ꦥꦿꦩꦶꦭꦏꦼꦢꦃ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦧꦪꦶ꧈​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦤ꧀ꦠꦼꦂ​ꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂ​ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦤꦼꦁ​ꦚꦛꦼꦠ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦥꦶꦉꦁ​ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦫꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦔꦭꦶ꧉​ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦼꦠꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦭꦫꦺꦮꦲꦸꦏꦼꦢꦃ​ꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦠꦥꦔꦸꦕꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​꧉​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦸꦭꦮꦼꦤ꧀ꦛꦃ​ꦲꦤꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ꦃ​ꦔ꧀ꦒꦸꦭꦮꦼꦤ꧀ꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦲꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦭꦫꦺ꧈​ꦱꦫꦤꦚꦩ꧀ꦥꦸꦂ​ꦤꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦲꦺ꧈​ꦲꦚꦶꦂ​ꦤꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦪꦸꦔꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦲꦸꦢꦶꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦥꦽꦭꦸꦧꦧ꧀ꦏꦱꦫꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁ​ꦧꦢꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦮꦼꦝꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦥꦏꦂ​ꦪꦤꦶꦁ​ꦱꦸꦏ꧀ꦩꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦏꦼꦠꦮꦶꦱ꧀꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁ​ꦲꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧌ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀꧍​ꦕꦼꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦲꦚꦶꦁ​ꦏꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦝꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦭ꧀ꦲ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦏꦛꦃ​ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ​ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦧꦥ꧉​ꦥꦿꦩꦶꦭꦏꦼꦢꦃ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦢꦪꦤꦶꦁ​ꦧꦪꦶ꧈​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦤ꧀ꦠꦼꦂ​ꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂ​ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦤꦼꦁ​ꦚꦛꦼꦠ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦥꦶꦉꦁ​ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦫꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦱꦩꦸꦏꦮꦶꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦔꦭꦶ꧉​ꦩꦶꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦠꦼꦠꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦭꦫꦺꦮꦲꦸꦏꦼꦢꦃ​ꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦠꦠꦥꦔꦸꦕꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦲꦔꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦪꦺꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦫꦺꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦼꦒꦶꦤꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁ​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀꧉​ꦥꦩꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦲꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦸꦏ꧀ꦏꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦲꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦮꦼꦮꦠꦼꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦱꦸꦱꦶꦭꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺ꧉​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦭꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦭꦏꦸꦮꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧉​ꦭꦫꦺꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦤꦮꦶꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦢꦠ꧀ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦺꦮꦃ​ꦲꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦁ​ꦏꦺꦴꦁ​꧈​ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧉​​

꧋ꦩꦤꦮꦶꦭꦫꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ​ꦥꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧌ꦲꦗ꧍​ꦏꦏꦸꦭꦶꦤꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦥꦔꦊꦩ꧀꧉​ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦝꦶꦫꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦔꦏꦼꦤ꧀ꦤꦶꦭꦤ꧀ꦲꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦊꦥꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦥꦔꦊꦩ꧀ꦕꦼꦏꦥ꧀ꦱꦥꦽꦭꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ [ 337 ]ꦭꦫꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦶꦩꦶꦁ​ꦲꦶꦩꦶꦔꦶꦧꦫꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦢꦶꦭꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦏꦱꦸꦥꦺꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦶꦭꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦔꦪꦼꦩ꧀ꦲꦪꦼꦩꦶꦭꦫꦺꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀꧈​ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦸꦲꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ*ꦗꦔ꧈​ꦭꦫꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤꦥꦥꦸꦤꦥ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁ​ꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​꧉​ꦩꦤꦮꦶꦏꦼꦭꦗꦼꦁ​ꦭꦗꦼꦁ​꧈​ꦲꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦫꦺꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦚꦼꦥꦺꦭꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​꧈​[꧇꧓꧇​]ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦤꦶ꧉​ꦥꦿꦩꦶꦭꦢꦺꦴꦫꦏꦁ​ꦒꦺꦭꦫꦺꦲꦭꦶꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦩꦸꦠꦮꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶ꧉​

꧋ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦒꦼꦩꦶꦭꦤ꧀ꦲꦚꦽꦁ​ꦔꦼꦤꦶꦭꦫꦺꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧉​ꦏꦥꦉꦁ​ꦔꦲꦩꦼꦮꦃ​ꦲꦶꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦏꦼꦥꦶꦉꦁ​ꦭꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶ꧇​ꦱꦽꦔꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦤꦸꦮꦸꦃ​ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦲꦁ​ꦒꦿꦒꦥ꧀꧈​ꦭꦫꦺꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦔꦸꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦗꦿꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​꧉​ꦲꦶꦁ​ꦩꦁ​ꦏꦭꦫꦺꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦗꦿꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦗꦿꦶꦃ​ꦲꦱꦶꦃ​꧉​ꦭ꧀ꦭꦼꦥꦠ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦼꦤꦼꦁ​ꦲꦼꦤꦼꦔꦶꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦱꦫꦤꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ​꧇​ꦩꦼꦤꦼꦁ​꧈​ꦧꦥꦏ꧀ꦩꦸꦠꦼꦏ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦶꦧꦥꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦲꦸꦥꦩꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦔꦗꦿꦶꦃ​ꦲꦗꦿꦶꦲꦶ꧉​

꧋ꦲꦶꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦠ꧀꧈​ꦫꦺꦚ꧀ꦕꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦸꦏ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦏꦗꦼꦔꦶꦁ​ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦧꦧ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀ꦮꦼꦮꦠꦼꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦱꦸꦱꦶꦭꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺ꧉​ꦲꦶꦧꦸꦭꦤ꧀ꦧꦥꦱꦼꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧈​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦤꦸꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦏꦗꦼꦁ​꧉​ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀꧈​ꦧꦥꦏꦼꦫꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦮꦼꦭꦱ꧀꧉​ꦭꦫꦺꦭꦗꦼꦁ​ꦧꦶꦔꦸꦁ​꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦩꦸꦫꦶꦃ​ꦱꦲꦺꦤꦶꦁ​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​꧈​ꦧꦥꦭꦤ꧀ꦧꦶꦪꦸꦁ​ꦏꦼꦢꦃ​ꦲꦱꦿꦶꦁ​ꦉꦩ꧀ꦧꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦠꦚ꧀ꦗꦤꦶꦁ​ꦲꦂ​ꦠꦏꦁ​ꦒꦺꦏꦧꦼꦠꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦒꦿꦶꦪ꧉​

Mevr. ꦕꦏꦿꦮꦂ​ꦢꦪ

(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

This page contains an image which should be extracted and uploaded to Commons (if it is free in the country of origin) or to Wikisource (if it is free only in USA).


꧋ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂ​ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦿꦶꦪꦥꦗꦒꦭꦤ꧀ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦒꦶꦫꦶꦏꦤ꧀꧌ꦱꦸꦫꦧꦪ꧍​ꦊꦩ꧀ꦧꦸꦊꦩ꧀ꦧꦸꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦏꦥꦿꦒꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦥꦿꦒꦠ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦶꦤꦁ​ꦏꦏꦠꦿꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦏꦧꦂ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦊꦉꦱ꧀꧉​

Jagading Wanita[edit]

Kagaliha kalihan tindak.

Mèh sabên panggenan wontên tiyangipun ingkang botên gadhah anak. Saking kumêdah-kêdahipun badhe amomong lare, tarkadhang rintên dalu ngantos dipun rencangi anyênyuwun, ngêngirangi, mrika-mriki amêrdhukun, lan sanès-sanèsipun. Sintên ingkang botên wêlas, manawi sumêrêp tiyang kados makatên. Langkung-langkung manawi mirêng sambatipun: besuk yèn mati sapa sing ngopèni. Samantên apêsipun tiyang botên gadhah anak. Dados kosok wangsulipun: agêng sangêt kabêgjanipun tiyang pinaringan momongan. Sarèhne bêgja wau anglangkungi, pramila kêdah kajagi supados kabêgjan sagêda tulus, sampun ngantos sirna. Ing ngriki ingkang kêdah dipun manah, lajêng panyêpênging lare. Punika botên gampil, mlèsèd sakêdhik asring anuwuhakên kacilakan agêng.

Sintên ingkang dipun pasrahi prakawis punika?

1. Manawi lare taksih alit, bapa biyung.

2. Manawi lare sampun sinau, guru.

Bageyan nomêr 1 bapa biyung. Inggih punika ingkang kuwajiban anggulawênthah anak saking wiwitan. Anggulawênthah inggih punika kagunan ingkang kangge ambangun lare, sarana nyampurnakakên dayaning lare ingkang sae, anyirnakakên tumiyunging lare dhatêng piawon. Punapa inggih makatên. Bokmanawi kemawon ing salêbêting lare taksih lêmbat, ingkang kaudi langkung prêlu bab kasarasaning badan, amargi wêdharing pakaryaning sukma kados-kados dèrèng kêtawis. Ananging ugi sampun (uwis) cêcawis saha nyingkirakên prakawis ingkang sakintên dados dhadhakaning piawon. Lha, punika biyung ingkang kêdah angatos-atos, awit kêmpaling lare kalihan biyung punika langkung kathah katimbang kalihan bapa. Pramila kêdah tansah èngêt bilih dayaning bayi, langkung-langkung ingkang bantêr kasampurnanipun, inggih punika sênêng nyathêt sadaya ingkang kêpirêng lan nirokakên samukawis tindak ingkang dipun tingali. Milanipun sadaya ingkang têtunggilan kalihan lare wau kêdah ngatos-atos mênggahing tata pangucapipun.

Bapa biyung wajib angawisi yèn wontên lare utawi tiyang ingkang gêginêman utawi nindakakên kirang pantês. Pamilihipun rencang ingkang kangge amomong kêdah ingkang prayitna, supados sagêd tumbuk kajênging bapa biyung ambangun wêwatêkan lan kasusilaning lare. Abdi ingkang awon gampil anggènipun nularakên têtêmbungan awon lan kêlakuwan ugi. Lare punika manawi wiwitan sampun awon, adat angèl anggènipun angewahi, kados upaminipun pa sampun bengkong, angèl anggènipun anglêrêsakên.

Manawi lare sampun kathah pangrêtosanipun, sampun (aja) kakulinakakên kalihan têmbung pangalêm. Têtêmbungan punika sagêd anuwuhakên watak dhiri, lan lajêng botên purun angakêni lan anyumêrêpi lêpatipun piyambak. Têmbung pangalêm cêkap saprêlunipun kemawon.

Lare sampun kaiming-imingi barang ingkang adi lan sanès-sanèsipun. Amargi kasupèn utawi mila namung kangge ngayêm-ayêmi lare sawatawis wêkdal, bapa biyung lajêng botên anuhoni jangji, lare botên tampi punapa-punapa, punika nukulakên kirang kapitadosaning lare dhatêng tiyang sêpuh. Manawi kêlajêng-lajêng, agêngipun lare lajêng anyêpèlèkakên dhatêng tiyang sêpu,[3] amargi dipun dorani. Pramila dora kangge lare alit punika sangêt amutawatosi.

Prakawis gêmi lan anyrêngêni lare kados sampun kasêbat ing Kajawèn. Kaparênga amêwahi sakêdhik ingkang asring kêpirêng lan kula sumêrêpi: srêngên sagêd nuwuhakên watak anggragap, lare dados bingungan, ajrih dhatêng bapa biyung. Ing măngka lare botên kêdah ajrih dhatêng tiyang sêpuh, nanging kêdah ajrih asih. Lêpat anggènipun ngênêng-ênêngi biyung sarana têmbung: mênêng, bapakmu têka. Ing ngriki bapa lajêng kaupamèkakên tiyang ingkang angajrih-ajrihi.

Ing nginggil sampun kasêbat, rencang kêdah tumbuk kalihan kajênging bapa biyung ing bab ambangun wêwatêkan lan kasusilaning lare. Ibu lan bapa sêmantên ugi, kêdah anunggil kajêng. Kêrêp kalampahan, bapa kêras, biyung wêlas. Lare lajêng bingung, pundi ingkang dipun turut murih saening lampah, bapa lan biyung kêdah asring rêmbagan bab punika, kadosdene angrêmbag tanjaning arta kangge kabêtahaning griya.

Mevr. Cakrawardaya.

(Badhe Kasambêtan)

[Grafik]

Dèrèng dangu punika wontên pawartos, bilih ing griya Pajagalan enggal ing Pagirikan (Surabaya) lêmbu-lêmbu ingkang sami kapragat ing ngriku botên kapragat miturut pranatan Islam. Ing nginggil punika minăngka katrangan, manawi kabar ingkang makatên wau botên lêrês.

[ 338 ]

This page contains an image which should be extracted and uploaded to Commons (if it is free in the country of origin) or to Wikisource (if it is free only in USA).


꧋ꦏꦭꦠꦁꦒꦭ꧀ 14 ꦩꦺꦲꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦧꦠꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀ꦧꦭ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦶꦮ꦳ꦺꦪꦺꦴ꧌ꦧꦠꦮꦶ꧍​ꦏꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦲꦶꦤ꧀ꦧꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦤꦶꦭꦃ꧈​ꦥꦸꦁꦏꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦠꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦪ 4 - 2 ꧉​ ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦲꦶꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦱꦸꦏꦤ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦕ꧀ꦭꦤꦕꦼꦩꦼꦁꦲꦺꦴꦭꦶꦮ꦳ꦺꦪꦺꦴ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦱꦸꦏꦤ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁꦕ꧀ꦭꦤꦥꦼꦛꦏ꧀꧇​ꦩꦤꦶꦭꦃ꧉​

Kala tanggal 14 Mèi ingkang kapêngkêr punika, ing Batawi dipun wontênakên tandhingan bal-balan, inggih punika pakêmpalan Oliveo (Batawi) kamêngsahakên kalihan pakêmpalan main bal saking Manilah, pungkasanipun Batawi ingkang jaya 4-2. Nginggil punika gambaripun main tandhingan wau. Ingkang rasukan pêthak, clana cêmêng Oliveo, dene ingkang rasukan cêmêng clana pêthak: Manilah.


[ 339 ]
---=== KRONIEK ===---​

꧋ꦏꦧꦂ​​ꦮꦂ​ꦤꦶ​ꦮꦂ​ꦤꦶ꧉​​

꧋ꦥꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ​ꦱꦤꦺꦱ꧀꧉

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂ​ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦲꦸꦥ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦶꦂ​ꦩꦸꦲꦩꦢꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂ​ꦠ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦱꦶꦠꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦼꦠꦁ​ꦒꦸꦔꦤ꧀꧉​ꦱꦲꦭꦗꦼꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦢꦼꦒꦶꦒꦿꦶꦪꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ H.I.S. ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ (Schakelschool)ꦭꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ꦕꦭꦺꦴꦤ꧀ꦒꦸꦫꦸ(Kweekschool)꧉​ ꦲꦶꦁ​ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦒ​ꦠꦶꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦮꦶꦮꦸꦭꦔꦤ꧀ꦲꦒꦩꦶ꧉​

꧋ꦏꦧꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦥ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦶꦂ​ꦫꦶꦁ​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦲꦩꦢꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦱꦩꦁ​ꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦶꦭꦶꦁ​ꦫꦢ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦤꦩꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧇​ꦫꦢ꧀ꦠꦿꦗꦺꦃ​꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦱꦼꦢꦾꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦢ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦤꦶꦠꦶꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦱꦲꦩꦸꦠꦸꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦒꦼꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦲꦒꦩꦶ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦤꦮꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦺꦱꦺꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦩꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦲꦶꦔꦠꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦶꦭꦶꦃ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦂ​ꦒꦤꦶꦁ​ꦫꦢ꧀ꦠꦿꦗꦺꦃ​꧇​ 1 ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦗꦶꦩꦤ꧀ꦱꦸꦂ​(ꦱꦸꦫꦧꦪ)꧈​ 2 ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦗꦶꦩꦸꦏ꧀ꦠꦶ (ꦏꦸꦢꦸꦱ꧀)꧈ 3 ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦱꦸꦠꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦱꦸꦂ​ (ꦠꦥꦤꦸꦭꦶ)꧈​ 4 ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦏꦂ​ꦠꦱꦸꦢꦂ​ꦩ (ꦧꦠꦮꦶ)꧈ 5 ꦭꦤ꧀ 6 ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦗꦶꦩꦸꦃ​ꦠꦂ​꧈​ꦭꦤ꧀ꦄꦤꦶꦱ꧀ (ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂ​ꦠ)꧉​

꧋ꦏꦧꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ 1928 ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦏꦂ​ꦱꦧꦝꦺꦪꦱꦒꦼꦝꦺꦴꦁ​ A.M.S. ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦺꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ A.M.S ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦿꦶꦪꦱꦺꦮꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂ​ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ Dr. ꦯꦂ​ꦢꦤ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦱꦶꦤꦲꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦠꦶꦭꦂ​ꦢꦺꦴꦚꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏ꧉​ꦲꦤꦶꦭꦂ​ꦒꦂ​ꦮꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦈꦩꦸꦂ​ꦱꦠꦲꦸꦤ꧀꧉​

꧋ ꦱꦏꦶꦁ​ꦯꦺꦫꦁ​ꦏꦮꦂ​ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦶꦪꦁ​ꦕꦕꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ 300 ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦠꦲꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦏꦢꦏ꧀ꦮꦒꦼꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦒꦺꦒꦺꦂ​ꦫꦤ꧀ꦏꦺꦴꦩꦸꦤꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦩꦁ​ꦏꦺꦱꦩꦶꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦠꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂ​ꦒꦶꦏꦶꦫꦁ​ꦠꦼꦫꦁ​ꦏꦊꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦩꦶꦠꦸꦭꦸꦁ​ꦔꦶꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦺꦔꦶꦁ​ꦧꦼꦧꦪꦭꦶꦤ꧀ꦝꦸꦲꦶꦁ​ꦯꦸꦩꦠꦿꦃ​ꦱꦶꦱꦶꦃ​ꦏꦶꦭꦺꦤ꧀꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦁ​ꦏꦺ꧈​ꦱꦼꦩꦺꦫꦸꦥꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦂ​ꦠꦒꦸꦁ​ꦒꦸꦁ​ f 581021,81 ꦢꦺꦤꦺꦏꦺꦴꦩꦶꦠꦺꦲꦶꦁ​ꦦꦝꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ f 222739,17 ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦲꦁ​ꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦩꦺꦫꦸꦥꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦒꦸꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ f 803.760,98꧈​ꦲꦂ​ꦠꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ f 25000,- ꦱꦏꦶꦁ​ Oranje Kruis ꦲꦶꦁ​ꦄꦩ꧀ꦱꦼꦠꦼꦂ​ꦝꦩ꧀ (ꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ)꧉​ ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦂ​ꦩꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦏꦺꦔꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦧꦼꦧꦪꦮꦲꦸ f 230880,50꧈​ ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦢꦂ​ꦩꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​ f 443.077.75꧈​ ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦁ​ꦒꦸꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦲꦂ​ꦠꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦝꦺꦏꦢꦂ​ꦩꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ f 673.958,25꧉​ ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦕꦕꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ 7163 ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦝꦺꦏꦢꦂ​ꦩꦤ꧀ꦲꦂ​ꦠ f 94 ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂ​ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦸꦮꦤ꧀ Ir. ꦯꦸꦫꦃ​ꦩꦤ꧀꧈ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦩꦭꦶꦃ​ꦧꦝꦺꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦸꦫꦏꦂ​ꦠꦥꦽꦭꦸꦲꦤꦭꦶꦠꦶꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁ​ꦒꦲꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦛꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​

꧋ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁ​ꦠꦁ​ꦒꦭ꧀ 5 ꦗꦸꦤꦶꦔꦗꦼꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦲꦩꦢꦶꦪꦃ​ꦲꦥ꧀ꦝꦺꦭꦶꦁ​ ꦯꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧈ꦧꦝꦺꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦶꦱ꧀ꦠꦠꦼꦠꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦭꦫꦺꦭꦫꦺꦪꦠꦶꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦩꦂ​ꦧꦺꦴꦭꦃ​ꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂ​ꦩꦁ​ꦏꦸꦤꦒꦫꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦕꦕꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦭꦫꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦢꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ 100 ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦩꦁ​ꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦩꦸꦫꦶꦃ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤꦥꦫꦧꦺꦴꦁ​ꦲꦸꦠꦮꦶꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦗꦶꦧꦃ​ꦤꦼꦠꦏ꧀ꦏꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦚ꧀ꦗꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶꦭꦫꦺꦭꦫꦺꦪꦠꦶꦩ꧀ꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁ​ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦙꦸꦭꦶꦲꦶꦁ​ꦔꦗꦼꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦏꦶꦁ​ꦝꦮꦸꦃ​ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦯꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧈​ꦲꦶꦁ​ꦔꦿꦶꦏꦧꦝꦺꦲꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ H.I.S. ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦫꦮꦤꦶꦠ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦲꦶꦁ​ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦼꦩꦸꦔꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦤ꧀ꦠꦤꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦒꦿꦢ꧀ 4꧉​ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ H.I.S. ꦲꦺꦁ​ꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦝꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁ​ꦔꦤ꧀ꦥꦿꦺꦴꦧꦼꦭ꧀ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦁ​ꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧇​ꦥꦩꦂ​ꦢꦶꦥꦸꦠꦿꦶ꧉​

꧋ꦏꦭꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦭꦱꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦥꦼꦁ​ꦏꦼꦂ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦃ​ꦲꦩꦢ꧀ꦢꦶꦪꦃ​ꦄꦥ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦯꦸꦫꦏꦂ​ꦠ꧈​ ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦊꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦒꦿꦶꦪꦱꦏꦶꦠ꧀ꦒꦝꦃ​ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀꧉​ꦑꦭꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦛꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁ​ꦔꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦏꦥ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦡꦶꦪꦺꦴꦤ꧀ꦒ꧀ꦃ​ꦮ꧀꧈​ꦏꦥ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦄꦫꦧ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦫꦄꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂ​ꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶ꧉​ꦑꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦸꦝꦥꦔꦂ​ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦏꦺꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀꧈​ꦩꦱ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦩꦂ​ꦠꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃ​꧈​ꦲꦤꦼꦫꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦒꦿꦶꦪꦱꦏꦶꦠ꧀ꦮꦲꦸꦏꦱꦝꦶꦪꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦥꦼꦂ​ꦭꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦧꦁ​ꦱ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦒꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁ​ꦒꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦝꦺꦗꦼꦗꦩ꧀ꦥꦶ꧉​ꦑꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂ​ꦫꦏꦼꦤ꧀ꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦡꦸꦮꦤ꧀ Dr. ꦯꦸꦫꦠ꧀ꦩꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦃ​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦥꦫꦶꦁ​ꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦊꦭꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

KRONIEK

Kabar warni-warni[edit]

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, bilih up bêstir Muhamadiyah ing Ngayogyakarta, sampun tumbas siti ing Kêtanggungan. Saha lajêng dipun êdêgi griya pamulangan H.I.S. pamulangan sambêtan (Schakelschool) lan pamulangan calon guru (Kweekschool). Ing pamulangan tiga-tiganipun wau mawi wulangan agami.

Kabaripun, up bêstiring pakêmpalan Muhamadiyah ing Ngayogya samangke sampun ngawontênakên satunggiling rad ingkang kanamakakên: Rad Trajèh. Mênggah sêdyanipun rad wau, nitipriksa saha mutus prakawis-prakawis ingkang gêgayutan kalihan prakawis agami. Inggih punika manawi kalêrês wontên gèsèhing pamanggih ingatasipun bab wau. Dene ingkang kapilih dados warganing Rad Trajèh: 1 Tuwan Haji Mansur (Surabaya), 2 Tuwan Haji Mukti (Kudus), 3 Tuwan Sutan Mansur (Tapanuli), 4 Tuwan Karta Sudarma (Batawi), 5 lan 6 Tuwan-tuwan Haji Muhtar, lan Anis (Ngayogyakarta).

Kabaripun ing taun 1928 punika, nagari kagungan karsa badhe yasa gêdhong A.M.S. piyambak ing Surakarta. Ing samangke pamulangan A.M.S. punika manggèn ing griya sewan kemawon.

Wontên pawartos, bilih Tuwan Dr. Sardana, ingkang anglajêngakên pasinaonipun wontên ing nagari Walandi, tilar donya wontên ing ngrika. Anilar garwa lan putra satunggal ingkang sawêg umur sataun.

Saking Serang kawartosakên, bilih tiyang cacahipun 300 ingkang katahan wontên ing kunjara amargi kadakwa gêgayutan kalihan gegeran komunis, samangke sami kawêdalakên saking tahanan, amargi kirang têrang kalêpatanipun.

Tumrap amitulungi têtiyang ingkang kenging bêbaya lindhu ing Sumatrah sisih kilèn, dumugi samangke, Sêmèru pon sampun sagêd angêmpalakên arta gunggung f 581021,81 dene komite ing Padhang sampun sagêd angêmpalakên f 222739,17 dados angsal-angsalanipun Sêmèru pon, gunggung wontên f 803.760,98, arta samantên wau ingkang f 25000.- saking Oranje Kruis ing Amsêtêrdham (nagari Walandi). Dene ingkang sampun kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang sami kenging ing bêbaya wau f 230880,50, ingkang sampun katamtokakên badhe kadarmakakên malih f 443.077.75, dados gunggunging arta ingkang badhe kadarmakakên f 673.958,25. Kajawi punika wontên tiyang cacahipun 7163 ingkang badhe kadarman arta f 94- sabên tiyang satunggal.

Wontên pawartos, bilih Tuwan Ir. Surahman, botên dangu malih badhe dhatêng Surakarta prêlu analiti bab kawontênanipun panggaotan bathik ing ngriku.

Benjing tanggal 5 Juni ngajêng punika, pakêmpalan Muhamadiyah apdhèling Surakarta, badhe adamêl pista têtakan tumrap lare-lare yatim wontên ing kamar bolah militèr Mangkunagaran. Mênggah cacahing lare ingkang badhe dipun têtaki punika sadaya wontên 100, pakêmpalan samangke sampun ngaturakên sêrat panuwunan dhatêng nagari, murih dipun wontênana para bong utawi dhoktêr, ingkang kajibah nêtaki utawi anjampèni lare-lare yatim wau.

Benjing wulan Juli ing ngajêng punika, saking dhawuh dalêm ingkang Sinuhun ing Surakarta, ing ngrika badhe ambikak pamulangan H.I.S. tumrap para wanita, dene ingkang dipun tampi ing pamulangan kasbut ngêmungakên para putri santana dalêm kemawon ngantos grad 4. Pamulangan H.I.S. enggal punika, badhenipun dados sêsambêtanipun pamulangan probêl kraton ingkang samangke sampun wontên, inggih punika ingkang kawastanan: Pamardi Putri.

Kala dintên Slasa ingkang kapêngkêr punika, pakêmpalan Muhamadiyah apdhèling Surakarta, sampun lêstantun ambikak griya sakit gadhahanipun pakêmpalan kasbut. Kala pambikakipun wau kathah ingkang sami anjênêngi, kados ta: tuwan-tuwan kaptèn Tiyonghwa, kaptèn Arab, lan pintên-pintên para amtênar pribumi. Kala punika mudha pangarsaning pakêmpalan kasbut, Mas Ngabèi Martasuwignya adamêl sêsorah, anêrangakên, bilih griya sakit wau kasadhiyakakên tumrap kapêrluwanipun sadaya băngsa, botên pisan-pisan angèngêti dhatêng agaminipun satunggal lan satunggalipun tiyang ingkang badhe jêjampi. Kajawi punika juru sabda anglairakên gênging panuwunipun dhatêng Tuwan Dr. Suratman, dene panjênênganipun wau sampun sagah sumêdya paring pitulungan kanthi lêlahanan kemawon.

[ 340 ]
---=== Feuilleton ===---​

꧋ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde
꧋꧇꧒꧇​​
꧋ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦏꦭꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦠꦶꦩꦸꦂ​꧉​

꧋ꦮ꧀ꦢ꧈​ꦠꦸꦮꦤ꧀꧈​ꦧꦥꦏꦸꦭꦱꦸꦢꦒꦂ​꧈​ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦱꦃ​ꦏꦸꦭꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦿꦶꦪ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦱꦃ​ꦏꦸꦭꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦧꦲꦶꦠ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦸꦭꦏꦼꦥꦺꦁ​ꦔꦶꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦂ​ꦠꦠꦠꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦂ​ꦱꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶ꧈​ꦏꦸꦭꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦂ​ꦩ꧈​ꦩꦁ​ꦏꦺꦏꦸꦭꦲꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦠꦠꦕꦫꦤꦶꦁ​ꦒꦼꦂ​ꦩꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦲꦸꦠꦩꦶ꧉​ꦥꦔꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦼꦂ​ꦩꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ Tristan꧈ꦏꦸꦭꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦺꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦥꦫꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦱꦸꦢꦒꦂ​ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦏꦱꦩꦶꦒꦝꦃ​​ꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁ​ꦱꦠꦿꦶꦪꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶꦱꦤꦺꦱ꧀꧉​ꦥꦤꦼꦝꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦂ​ꦩꦏꦸꦭꦠꦩ꧀ꦥꦺꦤꦶꦠꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ​꧉​ꦩꦁ​ꦒꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦔꦂ​ꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦿꦧꦸ Marc꧉​

꧋ꦏꦱꦩ꧀ꦧꦶꦲꦉꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦒꦤ꧀꧈​ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦸꦫꦏ꧀ꦩꦸꦫꦏ꧀ꦱꦁ​ꦱꦩ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ​꧉​ꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦗꦼꦫꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦭꦸꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦧꦛꦸꦏ꧀ꦏꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦱꦒꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃ​ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦶꦕꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦒꦼꦂ​ꦩ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦔꦼꦢꦸꦩ꧀ꦩꦶꦁ​ꦠꦼꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦒꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦔꦸꦤ꧀ꦢꦁ​ꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦒꦼꦂ​ꦩꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶꦲꦶꦁ​ꦱꦸꦗꦺꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦮꦔꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦂ​ꦥꦸ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦼꦧꦒꦺꦪꦤ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀꧈​ꦥꦸꦥꦸ꧈​ꦭꦸꦭꦸꦂ​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦒꦼꦂ​ꦩꦱꦩꦶꦲꦚꦺꦁ​ꦏ꧀ꦭꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦠꦠꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦗꦺꦗꦺꦂ​ꦏꦭꦶꦃ​ꦏꦭꦶꦃ​ꦱꦲꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀꧉​ꦱꦫꦺꦃ​ꦤꦶꦁ​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦠ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦠꦶꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦏꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦉꦩ꧀ꦥꦼꦒ꧀ꦲꦚꦼꦤꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦲꦺꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦏꦶꦪꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦔꦗꦼꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦶꦤꦸꦧꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦠꦩꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦲꦲꦫꦲꦫꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂ​ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦭꦺꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦥꦠꦶꦁ​ꦱꦿꦺꦮꦺꦃ​ꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁ​ꦥꦭꦧꦸꦃ​ꦲꦤ꧀ꦏꦛꦃ​ꦧꦲꦶꦠꦢꦒꦁ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦩꦶꦭꦧꦸꦃ​꧉​ꦲꦶꦁ​ꦱꦲꦸꦧꦼꦔꦶꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦱꦂ​ꦠꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦩꦼꦁ​ꦱꦃ​꧈​ꦠꦸꦂ​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦤꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦺꦭꦕꦼꦩꦼꦁ​꧉​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁ​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦤꦫꦮꦲꦸꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦤꦮ꧉​ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦗꦒꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃ​ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦱꦉꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁ​ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀꧇​ꦥꦸꦤꦥꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦥꦔꦒꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦼꦂ​ꦩꦲꦩꦁ​ꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶ꧇​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Tintagel꧉​ ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧇​ Tintagel꧈​ ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦩꦲꦏꦮꦱꦲꦥꦫꦶꦁ​ꦧꦼꦂ​ꦏꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦩꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​

꧋ꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦸꦠꦿꦶ Blaneeflor ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦲꦶꦧꦸꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦮꦲꦸꦏꦝꦲꦸꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦫꦩꦦꦿꦧꦸ Rivalen ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦆꦁ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ Tintagel ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦔꦶꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧉​ꦱꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦱꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦩꦼꦤꦫꦥꦁ​ꦒꦺꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦗꦒꦶ꧈​ꦥꦫꦒꦼꦂ​ꦩꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦔꦼꦭ꧀ꦭꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦱꦭꦺꦴꦩ꧀ꦥꦿꦺꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦦꦿꦧꦸ Marc ꦱꦲꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦥꦸꦫꦤꦶꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦗꦼꦁ​ꦔꦶꦁ​ꦒꦼꦂ​ꦩꦒꦼꦂ​ꦩꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁ​ꦔꦠꦸꦂ​ꦫꦶꦮꦸꦤꦶꦔꦝꦠꦼꦁ​ꦦꦿꦧꦸ Marc ꦱꦢꦪꦊꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦲꦩ꧀ꦧꦸꦗꦼꦁ​ꦱꦁ​ꦱꦩ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦼꦥꦁ​ꦏꦭꦶꦲꦤ꧀ Tristan ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦫꦺꦤꦺꦤꦺꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦒꦝꦃ​ꦏꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦩꦼꦁ​ꦒꦃ​ꦕꦫꦕꦫꦤꦶꦁ​ꦒꦼꦂ​ꦩ​ꦲꦸꦠꦩꦶꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦶꦠꦺꦴꦁ​ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦫꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​ꦦꦿꦧꦸ Marc ꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦱꦲꦺꦤꦶꦁ​ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦒꦼꦂ​ꦩꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦩꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦧꦧ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦱꦩ꧀꧈​ꦭꦁ​ꦏꦸꦁ​ꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​ꦱꦉꦁ​ꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦝꦠꦼꦁ​ꦭꦫꦺꦤꦺꦤꦺꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂ​ꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦝꦠꦼꦁ​ꦭꦫꦺꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦏꦲꦸꦤꦶꦁ​ꦔꦤ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦧꦝꦺꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦱꦧꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦦꦿꦧꦸ Marc ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦠꦚ꧀ꦕꦼꦥ꧀ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦱꦶꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦮꦲꦸ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦁ​ꦦꦿꦨꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦸꦤꦶꦁ​ꦔꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦭꦫꦺꦤꦺꦤꦺꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦺꦤꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁ​ꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦩꦤꦃ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦺꦴꦭꦺꦴꦁ​꧉​ꦲꦶꦁ​ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦧꦶꦧꦂ​ꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦲꦂ​꧈​ꦯꦁ​ꦦꦿꦨꦸꦱꦲꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦉꦁ​ꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦏꦁ​ꦱꦸꦭꦥ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ Wales꧉​ ꦲꦁ​ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦏꦧꦂ​ꦫꦸꦁ​ꦲꦸꦔꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁ​ꦕ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦸꦁ​꧈​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦏꦠꦧꦸꦃ​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦠꦸꦂ​ꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦺꦁ​ꦱꦲꦺꦱꦲꦺ꧉​ꦱꦉꦁ​ꦠꦸꦏꦁ​ꦱꦸꦭꦥ꧀ꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦩꦶꦮꦶꦠꦶꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ​꧈​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ Tristan ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦏꦁ​ꦧꦝꦺꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦲꦁ​ꦒꦺꦱꦶꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦲꦺꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦊꦥꦠ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦫꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦁ​ꦱ Bretagne ꦗꦩꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁ​ꦒꦶꦃ​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦁ​ꦒꦺꦩꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦊꦭꦩ꧀ꦥꦃ​ꦲꦤ꧀ꦱꦲꦏꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Graelent꧉​

꧋(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde[edit]

Prabu Tristan Kala Taksih Timur

O, tuwan, bapa kula sudagar, sanès baron, kesah kula saking ing griya, kula botên cariyos dhatêng sintên-sintên, dhatêng pun bapa inggih botên, kesah kula numpak baita, awit kula kêpengin sumêrêp kawontênan sarta tatacaranipun têtiyang ing nagari sanès, manawi sampeyan karsa nampèni, kula purun andhèrèk dados gêrma, mangke kula aturi sumêrêp tata caraning gêrma ingkang langkung utami. Pangajênging gêrma wicantên: sadhèrèk Tristan, kula gumun sangêt dene wontên nagari ingkang para anaking sudagar kemawon têka sami gadhah kasagêdan ingkang botên kasumêrêpan dening para putraning satriya ing nagari sanès. Panêdha sampeyan tumut dados gêrma kula tampèni tangan kalih. Măngga sampeyan kula sowanakên ing ngarsanipun Sang Prabu Marc.

Kasambi arêrêmbagan, anggènipun amurak-murak sangsam sampun rampung. Jantung tuwin jêroan sanèsipun tuwin balunging bathuk katêdhakakên dhatêng sagawon-sagawon wau, punapa malih sang pangeran lajêng ambukani conto dhatêng para gêrma, kadospundi pangêduming têdhanipun sêgawon, tuwin kadospundi pangundangipun. Dene pandumanipun para gêrma sami dipun sunduki ing sujèn agêng-agêng ingkang kawangun kados garpu. Wontên ingkang kêbagean êndhas, pupu, lulur tuwin sanès-sanèsipun. Sasampunipun para gêrma sami anyengklak kapalipun, lampahipun lajêng katata dening Pangeran Tristan jèjèr kalih-kalih saha tumuntên bidhal. Sarèhning lampahipun mawi dipun tata, pramila bilih tiningalan, sakalangkung rêmpêg anyênêngakên. Botên antawis dangu sang pangeran sumêrêp karaton sae tuwin katingal kiyat sangêt. Karaton wau angajêngakên sagantên, kinubêng ing patamanan saha ara-ara jêmbar sangêt. Lèpèn-lèpènipun katingal pating srèwèh sami anjog ing sagantên. Ing palabuhan kathah baita dagang saking nagari sanès sami labuh. Ing saubênging karaton katembok inggil sarta santosa, pramila botên gampil kalêbêtan ing mêngsah, tur wontên mênaranipun inggil-inggil, ingkang kadamêl sela cêmêng. Miturut kapitadosaning têtiyang ing jaman samantên, mênara wau damêlanipun danawa. Para prajurit ingkang sami jagi karaton sagêd ningali kawontênan ing sajawining karaton ngantos têbih sangêt. Sarêng Pangeran Tristan ningali karaton wau lajêng pitakèn: punapa namanipun karaton punika. Pangagênging gêrma amangsuli: kraton punika namanipun Tintagel. Pangeran Tristan wicantên: Tintagel, mugi-mugi ingkang Maha Kawasa aparing bêrkah dhatêng karaton punika tuwin dhatêng ingkang sami manggèn ing salêbêting karaton ngriku.

Kala rumiyin Sang Putri Blaneeflor inggih punika ingkang ibu Sang Pangeran Tristan wau kadhaupakên kalihan ingkang rama Prabu Rivalen wontên ing salêbêting karaton Tintagel punika, nanging Pangeran Tristan botên sumêrêp. Sadumuginipun ing sangandhaping mênara panggenaning prajurit jagi, para gêrma lajêng sami angungêlakên salomprètipun. Prabu Marc saha para baron lajêng tindak dhatêng ing gapuraning karaton, pangajênging gêrma-gêrma wau lajêng ngaturi wuninga dhatêng Prabu Marc sadaya lêlampahanipun kala ambujêng sangsam ngantos têpang kalihan Tristan tuwin kawontênanipun lare neneman wau anggèning gadhah kasagêdan mênggah cara-caraning gêrma utami ingkang sampun kapitongtonakên dhatêng piyambakipun tuwin dhatêng para kănca-kancanipun sadaya. Prabu Marc gumun sangêt amriksani saening pranataning lampahipun para gêrma ingkang sami numpak kapal, makatên ugi bab pambagenipun sangsam, langkung gumun malih sarêng amriksani dhatêng lare neneman ingkang bagus warninipun punika, dene lajêng kagungan panggalih trêsna dhatêng lare ingkang sawêg kauningan sapisan punika.

Para maos tamtu badhe sagêd ngintên-ngintên piyambak, punapa sababipun dene Prabu Marc lajêng kagungan tancêp wêlas lan asih dhatêng Pangeran Tristan wau. Sanajan sang prabu botên wuninga bilih lare neneman punika kapenakanipun piyambak, nanging raosing manah botên kenging dipun colong. Ing wanci sontên sabibaripun dhahar, sang prabu saha baron-baron sami mirêngakên sindhèn lan sêndhonipun tukang sulap saking Wales. Anggènipun sindhèn kabarung ungêling clêmpung, ingkang katabuh piyambak. Swaranipun sakeca sangêt, tur sindhènipun nyariyosakên dongèng sae-sae. Sarêng tukang sulap wau badhe miwiti sindhèn cariyos sanèsipun malih, Pangeran Tristan tumuntên wicantên: tiyang sagêd têmbang ingkang badhe sampeyan angge sindhenan punika sae sangêt, manawi botên lêpat têmbang punika karanganipun băngsa Bretagne jaman rumiyin, inggih punika kangge mèngêti lêlampahan saha katrêsnanipun Graelent.

(Badhe kasambêtan)

}}

Jv/Majalah Kajawen taun 1927
Jv/Kajawen 006 1927-02-10
(Index)
Jv/Kajawen 021 1927-05-26
(Index)
Jv/Kajawen 026 1927-06-30
(Index)
Jv/Kajawen 031 1927-08-04
(Index)
Jv/Kajawen 034 1927-08-25
(Index)
Jv/Kajawen 035 1927-09-01
(Index)
Jv/Kajawen 037 1927-09-15
(Index)
Jv/Kajawen 040 1927-10-06
(Index)
Jv/Kajawen 041 1927-10-13
(Index)
Jv/Kajawen 043 1927-10-27
(Index)
Jv/Kajawen 050 1927-12-15
(Index)
Jv/Kajawen 052 1927-12-29
(Index)

{{#ifeq:1927|1927|