Halaman:Wayang Cina - Jawa di Yogyakarta.pdf/31

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

bawakan janturan, suluk dan kandha, sama dengan cara membawakan para dalang (wayang kulit) Jawa di Yogyakarta. Demikian pula teks janturan, suluk dan kandha, hampir seluruhnya dikutip dari teks pakem pedalangan (wayang kulit) Jawa. Perbedaannya yang terutama terletak dalam penulisan nama-nama para tokoh wayang, negara, kerajaan, tempat, dan lain-lainnya. Dalam hal itu, Gan Thwan Sing bersusah payah untuk membuat reproduksi bunyi-bunyi huruf-huruf Cina setepat mungkin dengan huruf-huruf Jawa yang tersedia padanya[1].
 Di bawah ini contoh dari sebagian teks janturan yang mengawali adegan pertama dalam setiap pertunjukan wayang kulit Jawa yang juga dikutip oleh Gan Thwan Sing.

"Swuh rep data pitana. Anenggih nagari pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linuwih dasa sepuluh, purwakawitan. Sanadyan kathah titahing bathara ingkang kasangga prtiwi, kaungkulan ing akasa, kapit samodra laya, kathah ingkang samya anggana raras, nanging datan kadi nagara Tat Tan Kok. Mila kinarya bebukaning carita, ngupaya nagara satus datan antuk kalih, sewu tan jangkep sadasa, utawi wenganing rahsa Tat Tan Kok nyata panggenan pambuka. Dasar nagara panjang punjung pasir wukir loh jinawi gemah ripah tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra, wukir gunung. Pranyata nagara Tat Tan Kok kang ngungkuraken pagunungan, ngeringaken benawi, ngananaken pasabinan, mangku bandaran agung. Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah kang lumaku dagang layar rahinten dalu datan ana pedhote, labet tan ana sangsayaning marga. Aripah, janma manca nagara ingkang samya bebara ing praja Tat Tan Kok, jejel pipit, aben cukit tepung taritis, pangrasa papan jembar satemah rupak katone labet saking arjaning praja. Karta, kawula padhusunan padha tentrem atine, mungkul ngennya ulah tetanen, mardi undhaking wulu pametu. Ingon-ingon kebo sapi tanpa cinancangan, pitik iwen tan ana kinandhangan, rahina aglar ana ing pangonan, gumantining ratri padha mulih marang prenahe dhewe-dhewe, datan ana cicir sajoga. Raharja, tebih ing parangmuka, dene para mantri bupati padha kontap kautamane ing parangmuka, wicaksana limpat ing kawruh sarta putus marang reh pengembating praja, tansah ambudi wuwuh-wuwuh kuncaraning praja".


  1. 22 Th.G.Th. Pigeaud,op cit, hal.252
24