Gugur Gunung
DISKOMINFO GUNUNG KIDUL
PERHATIAN
Film ini diproduksi sebelum pandemi covid-19
Menampilkan suasana pedesaan Gunung Kidul yang asri
Pagi hari di sebuah kamar. Seorang pemuda bernama Joni terganggu oleh bunyi ponselnya yang menjerit-jerit.
Joni
Halaah Bima, ngganggu wong turu wae
Joni melihat nama Bima di layar ponselnya. Ia menggerutu, memeluk guling dan melanjutkan tidur
Sementara itu di rumahnya, Bima nampak kesal. Berkali-kali ia mencoba menghubungi Joni. Panggilan teleponnya tidak diangkat terus
Bima
Piye tho si Joni ki, malah ora diangkat telponku. Arep melu gugur gunung ora wong iki? Wis wis, iki wis jam piro ngono loh urung tangi...
Bima menghela napas
Ponsel Joni menjerit-jerit lagi. Joni terbangun, menggeser ikon tolak dengan kesal.
Masuk suara notifikasi Whatsapp. Joni membacanya sekilas. Ia tidak membalasnya, malah melanjutkan tidur.
Joni
Memeng tenan aku, isuk-isuk wis diajak kerja bakti, ckck
Bima
Kepiye Joni ki ora mbales-balesi
Ibu Bima
Lho Bim, kok rung mangkat gugur gunung, Le?
Bima
O nggih niki Mbok, ngenteni mbalesane Joni
Ibu Bima
Lah wis yah mene, wis rasah enten-entenan, wes endang ge diparani ning omahe, selak awan. Isin ro kancane ne gugur gunung keri ki
Bima
nggih, nggih
Ibu Bima
Sik, Simbok selak arep ngirim, ge endang neng omahe Joni ya
Bima
Nggih, nggih, ngatos-ngatos nggih, Mbok
Ibu Bima
Iyo...
Bima galau
Bima
Iyo apa tak parani ning omahe wae yoh? mbuh lah..
Bima keluar rumah, melihat sekeliling
Bima
Kok urung ana wong mangkat tho iki? nunggu balesane Joni yo urung dibalesi ... issh
Dul menghampiri rumah Bima
Dul
Bim, ayok ge mangkat
Bima
ya, ya...
Dul
Joni ning endi, kok ra ketok?
Bima
Mbuh, ta’ chat ki ket mau ra mbalesi
Dul
Wah carane kaya ngene sing rabi suwung ki
Bima
Kandani o, turu ki kayae wong e iki
Dul
wah iso kui. Mangkat wae yuk
Bima
Mangkat?
Bima
Opo nunggu? isih nunggu, urung ene wong yowan
Dul
Ho'oh ih, aku liwat mau urung ono wong do liwat
Bima
Kowe ya nggawa arit?
Dul
Nggawa arit aku
Bima
Podho... O berarti awake dhewe nyesreki nduwur-duwuran kono wae
Dul
Iyo-iyo, he'eh
Bima
karo ngenteni men kabeh…
Dul
ketoke rumput banget kok yah
Bima
iyo
Salah satu tetangga menghampiri menggunakan motor
Tetangga
Malaah pada jagongan… ge ayok le mangkat, sela awan ning gugur gunung
Bima & Dul
ya, bareng ya
Tetangga
Yo, ayo, boncengan telu yo
Bima & tema
Ok
Tetangga
Bareng-bareng... malah orang rampung-rampung gugur gunung
Bima dan Dul membonceng di motor tetangga, menuju ke lokasi gugur gunung.
Warga sedang melakukan berbagai aktivitas gugur gunung
Di rumah Joni. Ibu Joni mengetuk pintu kamar membangunkan Joni
Ibu Joni
Jon, Joni ge tangi loh
Joni
Uwis Mbook
Ibu Joni
Uwis apane loh, ge tangi, kae loh kancane wis do mangkat gugur gunung
Joni
Iyo, engko
Ibu Joni
Ge ara, ge tangi
Joni
Kose
Ibu Joni kesal karena Joni tidak bangun-bangun
Ibu Joni
Bocah ndablege pol, dokoh turu, wis wayahe gugur gunung kok malah...
Joni menggerutu, merasa terganggu karena masih ingin tidur. Joni memutuskan tidur lagi.
Joni
Halaah, arep turu wae ora tentrem...ckk turu wae lah, ribut do gugur gunung
Bu Siti berjalan mendekati rumah Bu Marni (ibunya Joni). Bu Siti menggendong bakul makanan dan menenteng teko untuk hantaran gugur gunung.
Bu Siti
Mbak, Mbak Marni…
Bu Marni
Eh iya, Yu
Bu Siti
Arep ngirim ning gugur gunung toh?
Bu Marni
He'eh iki arep ngirim, barengan wae Yu
Bu Siti
Ayo
Bu Marni
Mesakake nek ora dikirim, panase pol, pada ngelak
Bu Siti
Lah iya
Bu Marni
Pada ngorong
Di tempat gugur gunung beberapa warga tengah beristirahat.
Pak RT
Dul, Bim
Dul
nggih, Pak?
Pak RT
Lah endi kancamu liyane iki? Cah enom sing teka gugur gunung kok ming mung wong setithik?
Bima
Kala wau nggih kulo pun ngabarin teng grup WA Pemuda
Pak RT
Ooh
Dul
pancen dasare kaléh tiyang mriki la diangel-angel, Pak. Nopo malih Joni niko
Pak RT
Yowes, karo nunggu kanca-kanca, karo nunggu kiriman, ge engko awake dewe do nyambi wedangan, engko ne wes kumpul, ge teka kabeh, lagi podo
mangkat ya
Warga
Nggih, nggih ...
Bu Siti dan Bu Marni tiba di tempat gugur gunung.
Ibu-ibu
Assamualaikum Bapak-bapak
Bapak-bapak
Wa’alaikumsalam
Ibu
Monggo, niki wonten unjukan kangge Mas-mas, Bapak-bapak monggo kersaken unjuk
Para warga yang gugur gunung makan bersama sambil mengobrol.
Ibu-ibu membantu menghidangkan makanan.
Terasa suasana hangat kekeluargaan.
Bapak-bapak
Nggih, matur nuwun
Ibu-ibu
Sawontene nggih
Pak RT
Bu Marni kalih Bu Siti
Bu Siti
Nggih, Pak
Pak RT
Matur nuwun malah iki sampun ngirim, jan malah ngerepoti
Bu Marni
walah Pak, sami-sami
Pak RT menanyakan apakah Joni tidak ikut gugur gunung kepada bu Marni.
Bu Marni menjelaskan sudah membangunkan Joni tadi.
Bu Marni pamit pulang untuk mencari Joni.
Pak RT
Lah niki Joni teng pundi? ora mangkat gugur gunung mriku?
Bu Marni
Lha nopo dereng mriki, Pak? Lha wau niku pun kula gugah je...
O lah nggih pun kula ta pamit rumiyin, gugah si Joni
Bapak-bapak
Nggih, nggih, ngatos-ngatos, Bu
Bu Marni tiba di rumahnya, mengetuk kamar Joni dengan marah.
Joni terbangun dengan kesal.
Bu Marni
Jon, bukaen lawange
Joni
Ngopo tho Mbook...
Bu Marni
Gelem tangi ora kowe, Jon... moh emoh kepiye? ge ara ge tangi
Joni
Ngantuk aku
Bu Marni
Gelem tangi ora? Nek ora gelem tangi ta undangi bego, gempur kamarmu ara
Bu Marni sangat marah.
Ia pergi meninggalkan kamar Joni.
Joni
ngantuk...
Bu Marni
Ngantuk, ngantuk ge ara, ge kerja bakti kana, gugur gunung. Bima kae loh sregep. Ora gelem kerja bakti ta tok'e seko KK (Kartu Keluarga) kowe
Joni
iyo
Joni akhirnya bangun. Ia terpaksa pergi gugur gunung.
Joni
Memeng aku mangkat kerja bakti, nek ora diseneni simbok wegah, ra mangkat
Joni tiba di tempat gugur gunung.
Warga sedang beraktivitas melakukan berbagai kegiatan kerja bakti.
Pak RT
Jon, weh lha ta kira ra arep mangkat kowe ki, mau digoleki ibumu, kowe Jon.
Bima
Oawalah Jon, kancane wes do kesel malah lagi teka
Joni
Ditunggu, koyo artis wae?
Dul
Wis tangi kowe, Jon?
Joni
Ya uwis, arep ngewangi kowe kuwi men cepet rampung... huh
Kepala desa datang meninjau situasi gugur gunung.
Pak Kades
Wah jan nyenengke tenan, isih enom, ning mempeng nyambut gawane, gugur gunung, menjaga kebersihan, kesehatan, nyenengke tenan. Moga-moga ge enggal rampung
Warga
Nggih. leres niku Pak. Nopo malih nek wonten Joni, mesthi sedaya beres, pak
Pak RT menyemangati anak muda yang ikut gugur gunung.
Joni digoda teman-temannya.
Suasana gembira
Pak RT
Wah mantep iki, cah enom ki patute ngewangi gugur gunung
Dul
Hei Jon, untung kowe mangkat gugur gunung, yen ora rabimu suwung, hahaha
Warga
tertawa
Penutup
Joni malu, garuk-garuk kepala, kemudian bergabung membantu gugur gunung.
Warga bergotong royong membuat lingkungan menjadi asri.
Suasana penuh kebersamaan.
Gugur Gunung
Menampilkan suasana gotong royong warga, lingkungan yang rapi dan asri hasil kerja sama warga melakukan gugur gunung.
Diperankan oleh KIM Suara Manunggal, Ngringin Semanu
Antono
Dian Agus Yulianto
Frediyanto
Jumiyati
Trimanto
Rudianto
Harto Muadzam
Rini Renita Trisnawati
Produser: Didik Handoko
Sutradara: Topek Setiawan
Kamera Person: Nanda Sulistiyanta
Penulis Naskah: Ika Sari
Audio: Popy Arimas
Editor: Fandi
Kleper: Wahid Fandi
Pengarah
KELIK YUNIANTORO, S.Sos. MM (Kepala Dinas Komunikasi dan Informatika Kabupaten Gunungkidul)
JOKO HARDIYANTO, SP., M.Eng. (Sekretaris Dinas Komunikasi dan Informatika Kabupaten Gunungkidul)
SUPRITANTO, SE., MT (Kepala Bidang Informasi dan Komunikasi Publik)
Terima Kasih
KIM Suara Manunggal, Ngringin Semanu
Kepala Desa Semanu
Kepala Desa Ngringin
Warga masyarakat Ngringin Semanu
dan seluruh pihak yang membantu lancarnya produksi
Produksi
Dinas Komunikasi dan Informatika
Kabupaten Gunungkidul
16 Maret 2020